Wit anggur kuwe klebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman), tuwuh minangka tanduran sing tahan urip mataun-taun ( perennial ) lan arupa wit grumbul sing mrambat ( deciduous woody vine ), sekang genus Vitis. [1]Woh anggur teyeng dipangan mentahan utawa digawé selai, kismis, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur.[2] Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané teyeng ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan}, utawa putih.[1] Senajan kaya kuwe, anggur "putih" jan-jane werna ijo, ningen sacara alon-alon malih rupa sing asalé sekang anggur abang.[2] Mutasi sekang loro gèn sing temata ngendhegna produksi anthocyanin, yakuwe zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[3].
Kandungan nurtrisi saben Cithakan:Convert/g | |
---|---|
Energi | Cithakan:Convert/kJ |
Karbohidrat | 18.1 g |
- Gula | 15.48 g |
- Serat pangan | 0.9 g |
Lemak | 0.16 g |
Protein | 0.72 g |
Thiamine (Vit. B1) | 0.069 mg (5%) |
Riboflavin (Vit. B2) | 0.07 mg (5%) |
Niacin (Vit. B3) | 0.188 mg (1%) |
Pantothenic acid (B5) | 0.05 mg (1%) |
Vitamin B6 | 0.086 mg (7%) |
Folate (Vit. B9) | 2 μg (1%) |
Vitamin B12 | 0 μg (0%) |
Vitamin C | 10.8 mg (18%) |
Vitamin K | 22 μg (21%) |
Calcium | 10 mg (1%) |
Iron | 0.36 mg (3%) |
Magnesium | 7 mg (2%) |
Manganese | 0.071 mg (4%) |
Phosphorus | 20 mg (3%) |
Potassium | 191 mg (4%) |
Sodium | 3.02 mg (0%) |
Zinc | 0.07 mg (1%) |
Persentase ngrujuk maring rekomendasi Amerika Serikat kanggo wong dewasa. Source: Sumberdata Nutrisi USDA |
Habitat
Anggur kalebu tanduran sing dimanfaatna wohè.[4] Anggur arupa tanduran perdu sing mrambat. Angger nandur anggur biyasanè dirambatna nang anjang-anjang utawa nang wit liyanè.[4] Tanduran anggur teyeng urip subur nang dhaèrah dhataran rendah.[4]
Wit Anggur
Akèh-akèhé anggur asale sekang cultivars Vitis vinifera, yakuwe wit anggur Eropah sing asalé sekang tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tanduran anggur jinis sing sumebar nang Amérika land Asia, kayata :
- Vitis labrusca, wit anggur kanggo anggur méja lan anggur jus sekang Amérika Utara, kadhangkala dipigunakna minangka ombènan anggur (wine). Asalé sekang Amérika sisih wétan lan Kanada.[4]
- Vitis riparia, wit anggur liar sekang Amérika Lor, kadhangkala digawé ombènan anggur lan jam. Asalé sekang Amerika Timur lan loré Quebec.[4]
- Vitis rotundifolia, utawa muscadine, digawé ombènan lan jam. Asalé sekang Amérika kidul-wétan wiwit Delaware nganti Teluk Meksiko. [4]
- Vitis vulpina Anggur beku. Asal sekang Amerika Serikat wiwit sekang tlatah tengah-kulon wétané panté nganti tekan New York.
- Vitis amurensis jinis paling wigati sekang Asia.[4]
Anggur Segara Coccoloba uvifera kuwe jan-jane anu kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé sekang pulo-pulo nang segara Karibia.[4]
Kebak nang Guna
Anggur teyeng dimanfaatna kanggo nggawé produk inuman férméntasi. [4]Asil férméntasi anggur sing nagndhut alkohol biyasané diarani Wine, anggur uga teyeng digaringna dadi kismis lan kanggo industri selai lan jeli.[4] Anggur uga teyeng dipangan kanggo buah.[4]
Distribusi lan prodhuksi
Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tanduran anggur.[2] Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringna.[2] Sebagéyan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng sing tanpa tambahan gula lan "100% alami".[2] Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.[2]
Tabel nang ngisor iki minangka daftar prodhusèn anggur sing pinunjul nang donya.:
Negara | Ambané tlatah kebon anggur |
---|---|
Spanyol | 11.750 km² |
Prancis | 8.640 km² |
Italia | 8.270 km² |
Turki | 8.120 km² |
Amérika Sarékat | 4.150 km² |
Iran | 2.860 km² |
Rumania | 2.480 km² |
Portugal | 2.160 km² |
Argentina | 2.080 km² |
Australia | 1.642 km² |
Inggris | 10,53 km² |
Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation.
Jinise
Jinise anggur yakuwe kaya sing katulis nang ngisor kiye:[5]
Chatetan Suku
Delengen uga
Pranala jaba
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.