Wahid Hasyim

From Wikipedia, the free encyclopedia

Wahid Hasyim

Wahid Hasyim utawa kang asring karan Kiai Haji Abdul Wahid Hasyim (lair ing Jombang, Jawa Wétan, 1 Juni 1914 – séda ing Cimahi, Jawa Kulon, 19 April 1953 nalika yuswa 38 taun) iku Pahlawan Nasional Indonésia. Wahid Hasyim iku wong tuwané présidhèn nomer papat Indonésia, Abdurrahman Wahid. Dhèwèké iku putra pahlawan Hasyim Asy'arie. Wahid Hasyim disarèkaké ing Tebuireng, Jombang.[1] Dhèwèké uga dadi salah sijiné perumus Pancasila lan Mantri Agama ing telu kabinèt (Kabinet Hatta, Kabinet Natsir, lan Kabinet Sukiman).

Sunyata Rikat Mantri Agama Indonésia, Présidhèn ...
Wahid Hasyim
Thumb
Mantri Agama Indonésia
Linggih
2 September 1945  14 November 1945
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéTidak ada, kalungguhan baru
Kang sawiséRasjidi
Linggih
6 September 1950  3 April 1952
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéMasjkur
Kang sawiséFakih Usman
Rerincèn dhiri
Lair(1914-06-01)1 Juni 1914
Jombang, Jawa Timur, Indhiya Nèderlan
Pati19 April 1953(1953-04-19) (umur 38)
Cimahi, Jawa Barat, Indonésia
Bangsa Indonésia
SisihanSolehah binti KH Bisri Syansuri
AlurHasyim Asy'arie (Bapak)
Abdurrahman Wahid (Anak)
AnakK.H. Abdurrahman Wahid
Aisyah Hamid Baidlowi
K. H Solahuddin Wahid
dr. Umar Wahid, Sp.P
Lily Chodijah Wahid
Hasyim Wahid
AgamaIslam
Tutup

Mantan Ketuwa Tanfidiyyah PBNU (1948) lan Pimpinan nomer loro Pesantren Tebuireng (1947 – 1950) iku reformis ing babagan pendhidhikan ing pesantren lan pendhihikan Islam Indonésia. Dhèwèké misuwur minangka sing ngadegaké IAIN (saiki dadi UIN).[2]

Babad Urip

KH. Abdul Wahid Hashim iku putrane KH. Hasyim Asy’ari lan Nyai Nafiqah Kyai Ilyas, lair ing Jombang, dina Jumuah , Rabiul Awwal 1333 H, utawa ing tanggal 1 Juni 1914 Masehi. Wahid Hashim minangka salah sawijining sepuluh keturunan saka KH. Hasyim Asy’ari. sing duwèni sambung keturunan Sultan Sutawijaya sing asale saka kerajaan Demak.

Déné saka sisi ibuné, silsilah keturunané ditemokake isih sambung tekan Sultan Brawijaya V, sing dadi salah sawijining raja ing Kraton Mataram. Sedasa anaké KH. Hasyim Asy’arii ya iku Hana, Khairiyah, Aisha, Izzah, Abdul Wahid, A. Khaliq, Abdul Karim, Ubaidillah, Masrurah, lan Muhammad Yusuf. déné karo Ny Masrurah, KH. Hasyim Asy’ari duwèni putra papat: Abdul Kadir, Fatimah, Khodijah lan Ya'ub.[3]

Wiwit cilik tekan dewasa Wahid Hasyim urip ana ing lingkungan pesantren, lan oleh pendidikan ilmu Agama lan ilmu-ilmu umum liyané saka pesantren.[4] dhèwèké uga dadi salah sawijining pelopor sing miwiti nglebokaké pendidikan Agama ing sekolah-sekolah ing Indonesia nalika jaman iku, sing saiki asring kasebut Madrasah(Madrasah Ibtidaiyah, Madrasah Tsanawiyah, lan Madrasah Aliyah).

Ing taun 1939, Nahdatul Ulama (NU) malih dadi MIAI (Majelis Islam A'la Indonésia), salah siji parté lan organisasi Islam ing jaman penjajahan Walanda. Nalika Jepang nguwasani Indonésia ing tanggal 24 Oktober 1943, dhèwèké ditunjuk dadi Ketua Majelis Syuro Muslimin Indonésia (Masyumi), gantine MIAI. Dhèwèké uga mèlu ngadekake barisan Hizbullah, kang bantu perjuangan wong Islam ndadèkaké merdeka. Saliyané ing pulitik, taun 1944 dhèwèké ngadegaké Sekolah Tinggi Islam ing Jakarta. Nyedhaki dina kamardhekan taun 1945 dhèwèké dadi BPUPKI lan PPKI.

Sawisé Indonesia merdeka ing taun 1945, dhèwèké lumebu dadi salah sijiné mantri kabinet wiwitan prèsidèn Soekarno minangka dadi mantri agama, banjur diangkat manèh ing taun-taun saterusé tekan 1961 ing Kabinet mantri Mohammad Natsir.

nalika dadi mantri agama ing taun 1950 iku ndadekake Fakultas Agama UII dadi Perguruan Tinggi Agama Islam Negeri (PTAIN). Nalika iku, ing taun 1957, uga ngadegaké Akademi Dinas Ilmu Agama (ADIA). Telung taun sabanjure, loro perguruan tinggi kasebut dileburake ing Institut Agama Islam Negara (IAIN). ing taun-taun sabanjuré perguruan tinggi Islam ing Indonesia saya gedhe. Saiki ora mung IAIN, nanging uga ana Universitas Islam Negeri (UIN) lan Sekolah Tinggi Agama Islam Negeri (STAIN).[5]

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.