From Wikipedia, the free encyclopedia
Ras Muhamad ya iku musisi reggae saka Indonesia. Jenengé kuwi saka gabungan jeneng asliné Muhamad lan jeneng Ras sing dijupuk teko basa Jamaika sing duwé arti Bung. Nanging onok ndhik basa Ethiopia uga sing artinè Prince. Bapakè Ras Muhamad kui dokter akupuntur lan ibune iku PNS. Arekè ndhik Indonesia wektu SD amarga sakbare kui arekè lunga menyang Amérika mèlok ibuné sing ditugasno ndhik kono. Ras Muhamad mulih ana ing Indonesia baré ngrampungké D3. Wiwit taun 1999 arekè wiwit nggimbal rambuté.
Artikel iki butuh cathetan sikil kanggo pamesthèn. Sampéyan kena mbiyantu ndandani artikel iki kanthi nambahaké cathetan sikil saka rujukan sing pinercaya. Pérangan sing tanpa rujukan bisa dibusak sawayah-wayah. |
Ngomongné bab musiké Ras Muhamad, Bens Leno pengamat musik ndhik Indonesia tau ngomong pilihané musik Ras Muhamad iku genrené Reggae lan sub-genrené Dancehall nuntut uwong sing duwé kapekaan karo lingkungan sosial. Kasuksesané wes lekas bisa didelok wektu tour ana ing Nurwègen karo ana ing Belanda.[1]
Tahun 2016 iki, tepaté ndhik bulan Juni, Ras diundang lan ngisi acara festival reggae ndhik Sierra Nevada World Music Festival, Mendocino County Fairgrounds, Boonville, California.[2] Ras bakalan sak panggung karo Jimmy Cliff, Alpha Blondy, Toots & The Maytals, Lee “Scratch” Perry, lan artis-artis reggae sing saiki wiwit nduwé jeneng, kayak Fortunate Youth, Sara Lugo, Kabaka Pyramid, Mellow Mood, lan liyo-liyané.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.