Pablo Aimar

From Wikipedia, the free encyclopedia

Pablo Aimar

Pablo César Aimar Giordano (pangucap cara Spanyol: [ˈpaβlo aiˈmar]; lair 3 Novèmber 1979) ya iku pamain bal-balan profésional Argèntina kang wis pènsiun lan pernah dadi pelatih tim nasional bal-balan Argèntina sing kaping-17. Aimar dadi pamain posisi playmaker maju[1][2], ing endi dhèwèké wasis nggunakaké tèknik dribbling, visi, lan pinter nyepetaké peluang kasebut kanggo tim.[2] Amarga bakat lan karakter flamboyané, dhèwèké diwènèhi julukan El Payaso (si badut) lan El Mago (panyihir) ing kariré.[2][3] Miturut Lionel Messi, ngandharaké menawa Aimar dadi pawongan kang nduwéni pengaruh gedhé kanggo dhèwèké lan pemain bal enom ing Argèntina.[2]

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...
Pablo Aimar
Thumb
Aimar ing 2017
Katrangan priangga
Jeneng dawa Pablo César Aimar Giordano
Tanggal lair (1979-11-03) 3 Novèmber 1979 (umur 45)
Papan lair Río Cuarto, Argentina
Dhuwur 1.70 m (5 ft 7 in)
Posisi main Attacking midfielder
Katerangan klub
Tim saiki
Argentina U17 (Pelatih)
Karir nom
1985–1993 Estudiantes Río Cuarto
1993–1997 River Plate
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
1996–2000 River Plate 82 (21)
2001–2006 Valencia 162 (27)
2006–2008 Zaragoza 53 (5)
2008–2013 Benfica 107 (12)
2013–2014 Johor Darul Ta'zim 8 (2)
2015 River Plate 1 (0)
2018 Estudiantes Río Cuarto 0 (0)
Gunggung 413 (67)
Karir tim nasional
1995 Argentina U17 6 (2)
1997 Argentina U20 7 (1)
1999–2009 Argentina 52 (8)
Juru latih
2017– Argentina U17

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.


Tutup

Sawisé miwiti karir senior ing klub River Plate taun 1996, dhèwèké nglakoni 215 tetandhingan ing La Liga lan ngegolna 32 gol ing wolung musim bebarengan karo klub Valencia C.F. lan Real Zaragoza antara taun 2001 nganti 2008, sadurungé pindhah menyang Portugal ing klub Benfica sasuwéne limang musim. Dhèwèké wis menangaké sangang gelar juwara ing telung klub kang béda-béda.

Aimar wis nglakoni 52 tetandhingan kanggo timnas Argèntina ing suwéné sepuluh taun, makili bangsa ing rong Piala Dunia FIFA lan rong turnamèn Copa América, uga Piala Konfederasi FIFA. Dhèwèké ngrambah babak final Piala Konfederasi 2005 lan ing taun 2007 Copa América.

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.