Fédération Internationale de Football Association
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Remove ads
Fédération Internationale de Football Association (FIFA) utawa Federasi Internasional Persatuan Bal-balan iku badan pengatur internasional bal-balan. FIFA duwé markas ing Zürich, Switserlan.

FIFA diadegaké ing Paris tanggal 21 Mèi 1904 lan ngrayakaké dina dadiné angka 100 ing taun 2004. Sasi April 2004, FIFA mbiwara yèn bakal ngraup kauntungan $144 yuta saka $1,64 miliar pametu ing taun 2003 lan 2006.

FIFA uga promosi bal-balan, ngatur transfer juru main antar tim, mènèhi gelar Pemain paling apik donya FIFA, lan macak pratélan Peringkat Donya FIFA saben sasi.
Peraturan bal-balan dikukuhaké déning IFAB (International Football Association Board), dumadi saka papat wakil saka FIFA lan siji-siji wakil saka Asosiasi Bal-balan Inggris, Asosiasi Bal-balan Sekotlan, Asosiasi Bal-balan Wales lan Asosiasi Bal-balan Irlandia.
Remove ads
Asosiasi
Turnamèn
FIFA nindakaké kajuwaraan-kajuwaraan bal-balan kaya:
- Turnamen priya antar nagara
- Piala Donya
- Piala Konfederasi
- Cabang ulah raga bal-balan priya ing Olimpiade
- Piala Donya U-20
- Piala Donya U-17
- Turnamen wanita antar nagara
- Piala Donya Wanita
- Cabang ulah raga bal-balan wanita pada Olimpiade
- Piala Donya Wanita U-20
- Piala Donya Wanita U-17
- Turnamen priya antar klub
- Piala Donya Antarklub
- Turnamen wanita antar klub
- Piala Donya Antarklub Wanita
- Turnamen futsal priya antar nagara
- Piala Donya Futsal
- Piala Konfederasi Futsal Al-Fateh
- Piala Futsal Interkontinental
- Turnamen bal-balan pasisir priya antar nagara
- Piala Donya Bal-balan Pasisir
- Tur Pro Bal-balan Pasisir
- Piala Bal-balan Pasisir
Remove ads
Pratélan Présidhèn FIFA
- Sepp Blatter, Switserlan, 1998-saiki, kapilih 8 Juni 1998
- João Havelange, Brasil, 1974-1998, Présidhèn Kehormatan FIFA, dinominasikan 8 Juni 1998
- Sir Stanley Rous, Inggris, 1961-1974, Présidhèn Kehormatan FIFA, dinominasi 11 Juni 1974
- Arthur Drewry, Inggris, 1955-1961
- Rodolphe Seeldrayers, Bèlgi, 1954-1955
- Jules Rimet, Perancis, 1921-1954, Présidhèn Kehormatan FIFA, dinominasi 21 Juni 1954
- Daniel Burley Woolfall, Inggris, 1906-1918
- Robert Guérin, Perancis, 1904-1906
Uga delengen
- Pratélan tim nasional bal-balan
- Sajarah FIFA
Pranala njaba
Cithakan:SBW Internasional
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads