From Wikipedia, the free encyclopedia
Guk utawi Tang punika jinising sup khas saking Koréa.[1][2] Wonten manéka variasi guk dhedhasar cara masak saéngga jinisipun ugi manéka warni.[2] Wigatinipun sup wonten ing kuliner Koréa saged dipuntelusur saking buku masak kuna saking jaman Dinasti Joseon (1392-1910) kanthi irah-irahan Joseonmussang sinsikyori jebeop ingkang nyerataken "Guk punika masakan paling wigati angka kalih bibar sekul ing nginggilipun méja dhahar dalu lan kalebet lawuh ingkang paling wigati. Dhahar tanpa sajian guk punika sami kemawon praupan tanpa mata. Boten wonten pista ingkang jangkep tanpa guk".[2]
Wonten kathah jinis guk ingkang dipundamel saking manéka jinis bahan, kados janganan lan daging ugi dipunsajekaken minangka lawuh (lauk) utawi dhaharan utami nalika dipuncampur kaliyan sekul.[2] Padatanipun guk punika dipupérang dados kategori wonten ing ngandhap punika:
Kanggé damel malgeunguk kanthi jumlah ingkang kathah punika mbetahaken kathah daging sapi lan dipunmasak kanthi wekdal ingkang dangu.[2] Supados raos saking sup punika dados gurih daging sapi mau dipuntugel alit-alit rumiyin, lajeng dipunparingi bumbu lan dipunoseng lan dipungodhog ing toya.[2] Malgeunguk padatanipun dipunparingi bumbu sarem lan ganjang (kecap asin).[2]
Bahan-bahan isi guk punika kathah antawisipun janganan, daging, ulam, kerang, rumput laut ingkang padatanipun cumawis dhedhasar mangsa.
Mangsa | Jinis guk |
---|---|
Mangsa semi | Tojangguk kaliyan herba alasan kados ssuk (mugwort), lan naengi (horseradish). |
Mangsa panas | Oi naengguk (naengguk timun), miyeok naengguk (naengguk rumput laut), kkaetguk (sup wijen), yeonggye baeksuk (sup ginseng kaliyan pitik enem), chueotang (sup ulam loach), samgyetang (sup pitik ginseng). |
Mangsa palastra | Torantang (sup uwi talas), songitang (sup matsutake), baechutguk (sup kol Cina). |
Mangsa adhem | Gomguk (sup balung), seonjitguk (sup getih sapi), tteokguk (sup kue beras), lan mandutguk (sup mandu) |
Tang punika istilah ingkang langkung formal lan kurmat ing kuliner Koréa tinimbang guk.[3] Nanging dhaharan kalih punika saged dipunbédakaken. Tang langkung dados masakan mirunggan déné guk punika sup ingkang dipundhahar wonten ing kagiyatan dhahar umum ingkang dipunsajèkaken kaliyan manéka jinis lawuh sanèsipun.[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.