panganan mligi saka Koréa From Wikipedia, the free encyclopedia
Banchan utawi panchan punika dedhaharan tambahan wonten ing tradhisi olah-olahan Koréa. Manéka warna jinising Banchan dipuncawisaken wonten ing piring-piring alit nalika badhé dipunrahapi. Salah satunggaling jinis saking Banchan ingkang paling umum punika Kimchi. Banchan punika dipuncawisaken mawi porsi ingkang alit kanthi ancas supados langsung telas nalika dipundhahari. Sansaya resmi satunggaling pasamuan, pramila sansaya kathah ugi banchan ingkang dipuncawisaken. Tinandhing kaliyan wewengkon sanèsipun, jinising banchan ingkang dipuncawisaken ing Provinsi Jeolla punika langkung kathah warninipun.
Kimchi punika manéka sayur ingkang dipundamel fèrmentasi. Ing antawisipun jinising kimchi ingkang paling kondhang inggih punika kimchi sawi putih (baechu kimchi).
Jeneng | Jeneng Koréa | Wedharan |
---|---|---|
Nabak-kimchi | 나박김치 | kimchi sawi putih lan lobak ingkang langkung kathah toyanipun. |
Dongchimi | 동치미 | kimchi sayur ingkang boten mawi lombok. Nabak-kimchi lan dongchimi dipunsebat mul kimchi utawi kimchi toya. |
Geotjeori[1] | 겉절이 | kimchi sawi putih ingkang tasih énggal lan dèrèng dipundamel fèrmentasi. |
Kkakdugi | 깍두기 | kimchi saking lobak ingkang dipuntugel dados kothak lan mawi bumbu lombok. |
Oi sobak-i | 오이 소박이 | kimchi saking timun mawi lombok lan ron bawang. |
Chonggak kimchi | 총각김치 | kimchi mawi bumbu saking lobak wutuh ingkang ukuranipun alit. |
Namul (나물) ingkang dipunolah mawi bumbu kados lenga wijèn, sarem (uyah), cuka, bawang, ron bawang, bubuk lombok lan kécap asin.
Jeneng[2][3] | Jeneng Koréa | Wedharan |
---|---|---|
Kongnamul | 콩나물 | thokolan wonten ing lenga wijèn. |
Sigeumchi-namul | 시금치나물 | spinacia ing lenga wijèn, bawang lan kécap asin. |
Miyeok-muchim[4] | 미역무침 | miyeok (rumput laut utawi wakame) kaliyan cuka, gula, lan sarem. |
Mu-saengchae/Mu-chae[5] | 무생채/무채 | asinan lobak ingkang dipuniris alit lajeng dipunparingi cuka, gula, sarem lan lombok. |
Gosari-namul | 고사리나물 | tumis pucuk pakis. |
Jorim punika sebatan kanggé dhaharan ingkang dipunolah ngginakaken saos.
Jeneng | Jeneng Koréa | Wedharan |
---|---|---|
Dubu-jorim | (두부조림) | tahu ingkang dipunmasak kaliyan saos campuran saking kécap asin, lenga wijèn, bawang lan ron bawang.[6] |
Jang-jorim | (장조림) | daging sapi (ati sapi) ingkang dipunmasak kaliyan kecap asin lan tigan ayam ingkang dipungodhog.[7] |
Jjim punika dhaharan ingkang dipunkukus.
Jeneng | Jeneng Koréa | Wedharan |
---|---|---|
Gyeran-jjim | (계란찜) | tigan ingkang dipunkukus mawi bumbu.[8] |
Jeon punika sebatan kanggé manéka dhaharan ingkang dipun-gorèng ing wajan.[9] salah satunggaling jinis jeon ingkang paling kondhang inggih punika Buchimgae (adonan tepung terigu lan sayuran ingkang dipun-goreng tipis kadosdéné panekuk). Wonten ing Jepang, Buchimgae dipunwastani chijimi ingkang asalipun saking nama dhaharan ing dhialèk Gyeongsang (jijimi).
Jeneng | Jeneng Koréa | Wedharan |
---|---|---|
Pajeon | (파전) | panekuk isi ron bawang, lan saged dipundamel tanpa ngginakaken tepung terigu (namung tigan ayam lan ron bawang).[9] |
Kimchijeon | (김치전) | panekuk mawi kimchi ingkang sampun kecut.[9] |
Gamjajeon | (감자전) | panekuk kentang saka Koréa.[10] |
Saengseon jeon | (생선전) | nilam ingkang dipuncampur tigan lajeng dipun-gorèng.[11] |
Donggeurang ttaeng | (동그랑땡) | perkedèl campuran tahu, daging, lan sayuran.[12] |
Jeneng | Jeneng Koréa | Wedharan |
---|---|---|
Japchae | (잡채) | tumis sayuran ingkang dipuncampur kaliyan sohun. |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Banchan. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.