Lobak

From Wikipedia, the free encyclopedia

Lobak
Remove ads

Lobak yaiku tuwuhan kang kalebu kulawarga: Cruciferae. Lobak (Raphanus sativus l. ) inggih punika tuwuhan umbi ingkang asalipun saking tlatah Tiongkok, nanging wis akèh diusahakake ing Indonésia. Masyarakat Cina remen sanget mengonsumsi lobak amargi raosipun ingkang seger lan eca. Lobak inggih punika tanaman perdu. Lobak awujud lonjong sami kados wortel. Nanging, raos lobak mboten manis ananging sakedhik pahit lan pedhes. Lobak ugi nggadhahi pinten-pinten jinis. Jinis-jinisipun lobak ingkang asring dipunpanggihi inggih menika lobak pethak,lobak abrit (radish), saha lobak cemeng.

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...

Tuwuhan iki gampang ditandur ing dataran cendhèk utawa dhuwur (pagunungan). Nganti seprene laladan kang akèh ditanduri lobak yaiku dhataran dhuwur Pangalengan, Pacet, Cipanas, lan Bedugul. Ambane areal tuwuhan lobak menika ing Indonésia saiki udakara 15.700 ha.

Lemah kang apik kanggo tuwuhan lobak yaiku lemah gembur, ngandhut humus (subur) lan lapisan dhuwure ora ngandhut krikil (watu-watu cilik).

Banjur derajat keasaman lemahe 5-6, déné wektu tandure yaiku mangsa rendheng utawa wiwitan mangsa katiga. Nanging yèn nandur ing mangsa katiga, banyune tuwuhan kudu cukup.

Remove ads

Carane Nandur

Lobak ditandur saka wijine. Bibit lobak ora perlu saka luar negri (impor), cukup saka asil wiji iku dhéwé amarga tuwuhan iki gampang ngembang lan uga gampang thukul wijine. Wiji-wiji mau bisa ditandur langsung ing kebun tanpa disemai disik. Yèn nandure ambané 1 ha diperlokake wiji cacah 5 kg.

Miturut téyori, kanggo lahan kang ambané 1 ha diperlokake 4 kg wiji janthi daya kecambah 75%. Sadurungé wiji ditandur, lahan kang arep ditanduri diolah disik kanthi dipaculi nganti jerone 30–40 cm, banjur diwènèhi rabuk kandhang utawa kompos 10 ton/ha. Sawisé lemah diratakake, digawé alur kanthi jarak antaralur 30 cm.

Prayogane alur mau digawé mujur saka sisih kulon tekan wétan supaya srengengene bisa lumebu ing tuwuhan saakeh-akèhé. Candhake wiji-wiji mau disebarake tipis nanging rata sadawané alur, banjur ditutup lemah tipis-tipis. Wijine bakal thukul sawisé 4 dina.

Sawisé umur 2-3 minggu, tuwuhan wiwit diwatuni sinambi digawé guludan. Guludan digawé kanthi cara lemah ing sadawaning barisan tandurn didhuwurake. Sinambi ndangir lemah, tandurane digawé arang-arang. Carane tuwuhan kang thukulé endhek-endhek dijabuti lan kang subur ditinggalake.

Sawisé digawé arang-arang, jarak tandurane dadi 10–20 cm. Padatan wong tani arang mènèhi rabuk pabrik. Nanging supaya éntuk asil kang luwih akèh, tuwuhan lobak sejatine perlu diwènèhi abuk pabrik.

Rabuk pabrik kang diperlokake yaiku urea, TSP kanthi perbandingan 1:2 cacah 6 g saben tuwuhan. Rabuk ing kiwa tengen watang tuwuhan kanthi jarak 5 cm. Mula, kanggo tuwuhan kang ambané 1 ha diperlokake 100 kg rabuk urea lan 200 kg TSP. Rabuk prayogane diwènèhake nalika lemah didangir.

Remove ads

Pangopenan tuwuhan

Tuwuhan lobak kudu dijaga saka tuma-tuma godhong kang bisa nyerang. Ama iki bisa dibrantas kanthi nyemprotake insektisida, kaya ta Kelthin 0,2% utawa Decis 2,5 EC 0,2-0,3%.

Panenan

Asil tuwuhan bisa kajupuk sawisé umbi-umbine cukup gedhé, kira-kira sawisé tuwuhan umur 2 wulan. Yèn kesuwen anggoné methik asil, bakal nyebabake umbi dadi kayu lan rasané uga ora énak (kapus-kapus). Yèn nganti kedadeyan kaya mangkono, umbi lobak ora payu manawa didol.

Tuwuhan kang kopèn bisa ngasilaké umbi 15-20 ton/ha. Malah ana jinis lobak kang bisa ngasilaké umbi kang boboté mancik 0,5–1 kg saben tuwuhan lan rasa umbine uga énak.

Manfaat lobak

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads