Fabaceae
From Wikipedia, the free encyclopedia
Suku polong-polongan utawa Fabaceae minangka salah siji suku tetuwuhan dikotil sing paling wigati lan gedhé dhéwé. Akèh tetuwuhan budidaya wigati kalebu sajeroning suku iki, kanthi warna-warna kagunan: wiji, woh (polong), kembang, kulit kayu, wit, godhong, umbi, nganti oyoté dipigunakaké manungsa. Bahan panganan, ombènan, bumbu masak, dat pewarna, pupuk ijo, pakan kéwan, bahan pangobatan, nganti racun diasilaké déning anggota-anggotané. Kabèh tetuwuhan anggota suku iki duwé siji pepadhan sing jelas: wohé wujud polong.
Fabaceae (Suku polong-polongan) | |
---|---|
![]() | |
Kembang Fabaceae | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae Lindl. |
Subsuku | |
. Caesalpinioideae Mimosoideae | |
Réferènsi | |
GRIN-CA 2002-09-01 |
Fabaceae tau dikenal kanthi jeneng Leguminosae sarta Papilionaceae. Jeneng sing pungkasan iki kurang tepat, lan saiki dianggo minangka jeneng salah siji subsukunya. Sajeroning donya pertanian tetuwuhan anggota suku iki kerep sinebut tuwuhan legum (legume).
Anggota suku iki uga dikenal amarga kemampuan ngiket (fiksasi) nitrogen langsung saka udara (ora liwat cuwèran lemah) amarga simbiosis karo bakteri tinamtu ing oyot utawa wité. Jaringan sing ngandhut baktèri simbiotik iki racaké ngglembung lan mbentuk bintil-bintil. Saben jinis racaké simbiosis uga karo jinis baktèri sing khas uga.
Ciri-ciri
- Wiji berkotil loro.
- Woh berupa polong
- Lumrahé godhong majemuk pasangan.
- Perkembangan tunggal ing subsuku Faboideae sarta majemuk ing Caesalpikioideae lan Mimosoideae.
Pamérangan
Suku gedhé iki kapérang dadi 3 subsuku, ya iku Faboideae (utawa Papilionoideae, tetuwuhan ngembang kupu-kupu), Caesalpikioideae, lan Mimosoideae.
Faboideae

Faboideae bisa diangggep minangka golongan kacang-kacangan. Kembangé tipe kupu-kupu, zigomorf, khas kanthi makutha kembang sing ora padha wanguné. Makutha kamodifikasi dadi telung pérangan: gendéra, swiwi (alae), lan lunas (carina). Pérangan lunas nglindhungi organ sèksual benang sari lan putik. Amarga kalindhungi iki tetuwuhan kacang-kacangan racaké minangka tetuwuhan nyerbuk dhéwé. Kembang racaké tunggal kanthi polong racaké awangun silinder.
Conto:
- Kacang brol (Arachis hypogaea)
- Kedhelé (Glycine max)
- Buncis (Phaseolus vulgaris)
- Kapri (Pisum sativum)
- Orok-orok (Crotalaria juncea)
Caesalpinioideae
Subsuku iki dicirikan saka kembangé sing kasusun majemuk mbentuk kaya piramida. Saben kembang duwé benang sari lan putik sing relatif dawa. Kembangé ora tipe kupu-kupu.
Conto:
- Kembang merak (Caesalpinia pulcherrima)
- Secang (Caesalpinia sappan)
Mimosoideae
Subsuku iki bisa dianggep golongan peté-petéan. Ciriné sing paling cetha yakuwi kembangé kasusun majemuk ing dhuwuring dhasar kembang (bongkol) bebarengan awangun bunderan. Akibaté, kembang katon kaya bal mawa ambut.
Conto:
- Sengon (Albizia chinensis)
- Séngon sagara / Sengon laut (Paraserianthes falcataria)
- Lamtoro (Leucaena glauca)
- Putri malu (Mimosa pudica)
- Peté (Parkia speciosa)
- Jéngkol (Pithecellobium jiringa)
- Trembesi utawa ki hujan (Samanea saman)
Anggota-anggota wigati
Akèh anggota suku iki kalebu tuwuhan kang migunani tumrap manungsa. Ing ngisor iki pratélan pira-pira tuwuhan kang kagolongake miturut munfangate.
Bahan panganan utawa ombènan
Wewijen, kembang, utawa godhong
|
|
Umbi
Kayu utawa kulit kayu
- Secang (kayu minangka bahan ombènan lan sumba)
- Kayu brazil (kayu minangka sumba)
Akar
- Akar manis (licorice)
Bahan yasan utawa indhustri
Pupuk hijau
Kabèh legum sing wujud terna utawa tetuwuhan merambat bisa dianggo minangka rabuk. Nanging ana sawetara sing disenengi amarga tuwuhe sing rikat lan nutupi lemah, lan dijuluki legum cover crops (LCC, tanaman legum panutup lemah)
- Orok-orok (kabèh pérangan)
- MB (Mucuna bracteata)
- PJ (Pueraria javanica)
- CC (Calopogonium caeruleum)
- CP (Centrosema pubescens)
Pakan kéwan
- Kedhelé (wiji)
- Klover (godhong)
- Alfalfa (godhong)
Racun
Simbiosis kanthi bakteri
Pirsani artikel bakteri pangikat nitrogen.
Tetuwuhan legum dikenal saka dayane njupuk nitrogen sajeroning angun N2 langsung saka hawa, saliyané cara konvensional sajeroning angun nitrat utawa amonium saka cuwèran lemah. Daya linuwih iki diduweni amarga simbiosis karo bakteri tinamtu sing manggon ing jaringan-jaringan tinamtu, racaké ing oyot, nanging ana uga sawatara sing manggon ing jaringan parenkim ing wit. Pérangan sing dipanggoni bakteri iki racaké katon bintil-bintil.
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Fabaceae. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.