Magnoliopsida iku jeneng botani kanggoné kelas tetuwuhan. Jeneng iki diwangun kanthi ngganti panambang -aceae saka jeneng Magnoliaceae nganggo panambang -opsida (Pasal 16 sajeroning ICBN). Kelas Magnoliopsida dianggo jeneng takson tumrap kabèh tetuwuhan ngembang dudu monokotil lan duwé sipat polifiletik. Magnoliopsida iku jeneng kang dianggo nggantèkaké jeneng lawas Dicotyledoneae (kelas tetuwuhan dikotil, utawa agodhong lembaga loro).

Sunyata Rikat Magnoliopsida, Klasifikasi ngèlmiah ...
Magnoliopsida
Thumb
Bunga Magnolia
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Tutup

Sistem Klasifikasi APG II, kang mbaka sethithik tansaya populèr, ora migunakaké jeneng iki manèh. Luwih adoh, sistem iki nemu yèn sajeroning golongan iki ana paling ora pitu klade kang béda kanthi genetik. Saka kapitu klade iki, ana siji golongan gedhé kang monofiletik kang duwé ciri-ciri kas Magnoliopsida kanthi konsisten lan karan eudicots ("dikotil bener/sajati"). Ironisé, Magnoliaceae ora kalebu sajeroning dikotil sajati.

Uga delengen

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.