David James
From Wikipedia, the free encyclopedia
David Benjamin James (lair ing Welwyn Garden City, Hertfordshire, 1 Agustus 1970; umur 54 taun) ya iku salahsijiné juru main bal-balan teka Inggris sing main dadi kiper kanggo Bristol City.
Barkas:David James Kerala Blasters.jpg | |||
Katrangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | David Benjamin James[1] | ||
Tanggal lair | 1 Agustus 1970 | ||
Papan lair | Welwyn Garden City, England | ||
Dhuwur | 1.94 m (6 ft 4 1⁄2 in)[2] | ||
Posisi main | Goalkeeper | ||
Karir nom | |||
1986–1988 | Watford | ||
Karir klub* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1988–1992 | Watford | 89 | (0) |
1992–1999 | Liverpool | 214 | (0) |
1999–2001 | Aston Villa | 67 | (0) |
2001–2004 | West Ham United | 91 | (0) |
2004–2006 | Manchester City | 93 | (0) |
2006–2010 | Portsmouth | 134 | (0) |
2010–2012 | Bristol City | 81 | (0) |
2012–2013 | Bournemouth | 19 | (0) |
2013 | ÍBV Vestmannaeyjar | 17 | (0) |
2014 | Kerala Blasters | 12 | (0) |
Gunggung | 817 | (0) | |
Karir tim nasional | |||
1990–1992 | England U21 | 10 | (0) |
1994–1996 | England B | 2 | (0) |
1997–2010 | England | 53 | (0) |
Juru latih | |||
2014 | Kerala Blasters (player-manager) | ||
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
James sadurungé tau main kanggo tim Watford, Liverpool, Aston Villa, West Ham United, Manchester City, lan Portsmouth. Piyambaké tau éntuk gelar juwara Piala Liga Inggris taun 1995 karo Liverpool lan Piala FA taun 2008 karo Portsmouth. Ndèk taun 2010, James dadi kiper tuwa dhéwé sing tau main ndhik tetandhingan final Piala FA ndhik umuré sing wis 39 taun.
Piyambaké tau dadi anggotané tim bal-balan nagara Inggris ping 53 wiwit taun 1997 nganti 2010. James dadi anggota skuat Inggris ndhik putaran final Piala Dunia FIFA 2002, Euro 2004, Piala Dunia FIFA 2006, lan Piala Dunia FIFA 2010.
Tanggal 14 Fèbruari 2009, James bisa gawé rekor kanggo tampil paling akèh ndhik Liga Utama Inggris ya iku ping 536, bisa ngléwati rekor sing sadurungé digawé Gary Speed. Rekor kuwi sabanjuré bisa diliwati karo Ryan Giggs tanggal 14 Mèi 2011.[3] James uga dadi sing nyekel rekor ora kebobolan ndhik Liga Utama Inggris, ya iku ping 173 tetandhingan.[4]
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.