From Wikipedia, the free encyclopedia
Chanel S.A. (Prancis: [ʃaˈnɛl]) ya iku perusahaan swasta saka Prancis sing didarbéni déning Alain lan Gérard Wertheimer, para buyuté Pierre Wertheimer. Alain lan Gérard Wertheimer kuwi kanca dagangé couturière (juru jait), sing jenengé Gabrielle Bonheur Chanel. Chanel S.A. iku salah sawijining griya fèsyen sing uwis inggil sing mligi gawé sandhangan-sandhangan sing haute couture lan sandhangan-sandhangan sing ready-to-wear, barang mewah lan aksesori-aksesori fèsyen.[3] Nalika isih enom, Gabrielle Chanel bisa diarani Coco nalika dhèwèké isih dadi sindhén ing kleb-kleb. Minangka dadi desainer fèsyen, Coco Chanel ngladéni para wanita sing ndhuwéni kekarepan kaéndahan sing luwih ing busana-busana kaya ta blus-blus lan setèlan-setèlan, kathok dawa lan gaun-gaun, lan anggon-anggon (watu mulya lan rerenggan). Barang-barang mèrek Chanel kuwi desainé barès, nggantekaké desain-desain sing keléwat magrong-magrong, keléwat kadesain, busana-busana sing konstruktif, lan aksesoris-aksesoris fèsyen ing abad angka 19. Barang-barang mèrek Chanel uwis diwijudaké déning para modhél fèsyen lan para paraga wadon, kaya ta Inès de La Fressange, Catherine Deneuve, Carole Bouquet, Vanessa Paradis, Nicole Kidman, Anna Mouglalis, Audrey Tautou, Keira Knightley lan Marilyn Monroe.[4]
Type | Société Anonyme |
---|---|
Industry | Modhe |
Founded | 1909 |
Founder | Coco Chanel |
Headquarters | 135 Avenue Charles de Gaulle, 92200 Neuilly-sur-Seine Cedex, Paris , Prancis |
Number of locations | 310 |
Area served | Sadonya |
Key people |
|
Products | |
Revenue | $ 5,2 milyar (2016)[1] |
Operating income | 5.776.000.000 Dolar AS (2022) |
Net income | € 1,3 milyar[2] (2014) |
Number of employees | 1.270 (2010) |
Website | www |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.