Adibusana

From Wikipedia, the free encyclopedia

Adibusana

Adibusana utawa haute couture (pocaping cara Prancis: [ot kuˈtyʁ]; tembung Prancis ateges "jaitan luhur" utawa "panjait luhur" utawa "busana luhur") ateges kreasi busana-busana kang ekslusif lan ukurane bisa mathuk pesenan. Haute couture kuwi busana fèsyen kang inggil kang digawé nganggo tangan saka wiwit tekan pungkasan, kagawe saka kain kang kwalitèdé apik, larang, ora biyasa lan dijait kanthi njlimet, lan dipungkasi déning juru jait kang paling lanyah lan mumpuni, racaké nganggo teknik jait tangan kang suwé. Couture saka basa Prancis kanthi barès tegesé "prosès damel busana" nanging bisa ngrujuk marang fèsyen, jait tangan, utawa seni jaitan[1] lan uga bisa kagawe minangka singkatan lumrahé haute couture lan ngrujuk marang barang kang padha jiwané.[2] Haute kanthi barès tegesé "inggil". Busana kang haute couture kuwi asringé digawé kanggo wong tinuku, dijait mligi kanggo ukuran pasé kang nganggo lan dedeg piyadegé.[1] Mangerténi manawi suwéné lan akèh'e  wektu, dhuwit, lan kabisan kanggo mungkasi saben busana, busana haute couture uga bisa digambaraké minangka barang kang ora bisa diregani: rantaman kuwi ora rélevan.

Thumb
Busana haute couture ing  runway, déning Christian Lacroix

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.