gènus tetuwuhan From Wikipedia, the free encyclopedia
Besaran utawi besar, uga diarani murbéi lan arbéi, kalebu tuwuhan kang bisa dimanfaataké woh lan godhongé.[1] Nanging lumrahé godhongé luwih wigati tinimbang wohé.[1] Godhong besaran lumrahé kanggo pakan uler sutera.[1] Déné uler sutera iki kena kanggo indhustri tékstil.[1] Uler sutera bisa ngasilaké benang kepompong kang bisa diolah dadi kain sutera kang larang regané.[1] Woh besaran bisa diolah dadi sari woh kang nduwéni khasiat kanggo kaséhatan lan bisa duwé aji tambah kanggo wong tani besaran.[1]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Saliyané dikenal dadi tuwuhan kang godhongé bisa kanggo pakan uler sutera kanggo indhustri tékstil, besaran uga kena dadi antioksidan kang bisa ngundhakaké kadar kolésterol HDL lan ngurangi kadar kolésterol LDL.[1] Déné kolesterol LDL iki kang nyebabake lelara jantung koronér.[1] Ing Indonésia woh besaran lumrahé dipangan nalika isih seger.[1]
Salah sijiné cara kanggo ngolah woh besaran ya iku kanthi digawé sari woh besaran.[1] Nalika di tés ing tikus, sari woh besaran bisa nurunaké kadar kolésterol LDL lan triglisérida serum darah lan ngundhakaké kadar HDL.[1]
Besaran uga nduwéni khasiat kanggo nambani lelara talasemia.[2] Talasemia ya iku lelara amarga sél darah merah ora bisa mbentuk sèl-sél kang wutuh, lumrahé sèl kang kena talasemia dhapuré kaya wulan sabit.[2] Besaran kanggo obat talasemia lumrahé digawé tèh besaran lan madu royal jelly Jambi.[2]
Besaran nduwéni jeneng latin Fragaria vesca.[3] Tuwuhan iki dikenal mirib stroberi alpin utawa stroberi cilik.[3] Besaran wernané abang utawa putih gumantung variétase.[3]
Zat-zat kang ana ing besaran kang bisa migunani kanggo kaséhatan akèh cacahé.[3]
Miturut Pratélan Komposisi Bahan Makanan (DKBM), saben 100 gram besaran ngandhut akèh nutrisi.[4]
Besaran ngandhut akèh vitamin C lan zat-zat kang migunani kanggo kaséhatan, mulané besaran nduwéni akèh khasiat.[3]
Kajaba iku besaran uga nduwéni khasiat kanggo kecantikan.[6]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.