panganan khas Jepang From Wikipedia, the free encyclopedia
Zōni (雑煮?) (bentuk honorifik: o-zōni) inggih punika masakan Jepang wujud sup mawi isi mochi lan bahan jangkepan ingkang dipungodhog sesarengan. Sup punika paling utami dipunsajekaken nalika karaméan taun énggal ing Jepang [1].
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Wujud mochi, bahan jangkepan, lan caranipun masak punika bènten-bènten miurut laladan lan tradisi kulawarga. Bahan sanèsipun ingkang dipunlebetaken dhateng sup punika kados ta: tahu, uwi, tugelan daging pitik, godhong warni ijo (komatsuna, horenso), bahan mawi warna ingkang menarik kadosa (wortel, kamaboko, urang), lan rempah kados yuzu utawi godhong mitsuba. Mochi kanggé zōni ing wewengkon Kanto awujud persegi, déné wonten ingwewengkon Kansai awujud bunder. Ing wewengkon Kanto, duduh sup punika bening lan ngagem sakedhik kecap asin minangka penyedap. Kajawi punika ing wewengkon Kanto, mochi dipunpanggang rumiyin sadèrèngipun mlebet ing sup, déné mochi ing wewengkon Kansai boten dipunpanggang namung dipungodhog ing sup dumugi mateng [2].
Dokumen tuwa dhéwé ingkang nyathet babagan zoni (雑煮) inggih punika Cathetan kulawarga Suzuka (鈴鹿家記 Suzuka-ke Ki?) ingkang dipunserat nalika jaman Muromachi.
Sup punika rumiyin dhaharan kalangan samurai nalika nembé perang ing alam ingkang tinarbuka. Mochi dipunmasak kaliyan janganan lan bahan dhaharan ingkang sampun dipungaringaken supados awèt. Nalika jaman Heian, tradisi dhahar mochi ing dinten taun énggal dipuntepangi ing astana kanthi wujud upacara hagatame (歯固 nguwataken waja?) kanggé ngrayakaken dawa umur. Wonten ing upacara ingkang dipunwontenaken saben tanggal 3 taun énggal, masakan ingkang atos kados mochi, daikon, daging babi wana, daging rusa, lan yakitori dipundhahar supados waja dados kuwat. Kalangan samurai gadhah tradsisi dhahar hōzō nalika upacara resmi. Salajengipun tradisi mau dados wiyar ing kalangan tiyang biyasa. Sajian punika dados salah satunggaling menu wonten ing honzen ryōri, lan kalebet sajian wajib wonten ing pista dhahar ing kalangan samurai.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.