![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cd/Xenopus_laevis_var_albino.jpg/640px-Xenopus_laevis_var_albino.jpg&w=640&q=50)
Xenopus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Xenopus ya iku kodhok kang asalé saka Sahara, Afrika.[1] Xenopus dikenal minangka kodhok pencakar saka Afrika utawa Platanna, amarga duwé sikil kanthi wujud cakar kang kanggo nyuwek panganane.[1] Xenopus wujud bunder, kaya endhog lan duwé kulit kang lunyu banget.[2] Lumrahé, xenopus tinemu ing banyu kanthi warna ijo semu klawu, lan tansah ganti kulit ing saben mangsa.[2] Xenopus duwé wektu urip sakiwa-tengené 5-15 taun.[2] Xenopus lanang lan wadon bisa dibédakaké dhedhasar wujudé.[2] Wujud xenopus lanang lumrahé sakiwa-tengené 20% luwih cilik saka xenopus wadon, kanthi awak lan sikil rada langsing.[2] Xenopus wadon luwih lemu kanthi benjolan dhuwur mburi sikil, karena benjolan mau minangka panggona endhog.[2] Jinis xenopus yang kaloka ya iku kang misuwur ya iku xenopus laevis lan xenopus tropicalis.[2] Sakloron jinis xenopus iki digunakaké ing laboratorium minangka subyek paneliten.[2]
Xenopus | |
---|---|
![]() | |
Xenopus laevis | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Amphibia |
Ordho: | Anura |
Famili: | Pipidae |
Génus: | Xenopus Wagler, 1827 |
Spesies | |
Xenopus amieti |