![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/86/Africa_%2528orthographic_projection%2529.svg/langjv-640px-Africa_%2528orthographic_projection%2529.svg.png&w=640&q=50)
Afrika
bawana ing kawasan afro-eurasia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Afrika iku bawana (bawana) sing gedhé dhéwé kaping loro sa donya sawisé Asia. Jembaré karo kapuloan ing saubengé ana 30,2 yuta km², iku minangka 6% lumahing bumi lan 20,4% lumah lemah donya.[1] Ing tanah Afrika iku sing ndunungi ana kira-kira sak milyar jiwa (cacah taun 2009) lan kapérang dadi 61 wewengkon, yaiku nyakup kira-kira 14,72% sing ndunungi donya. Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, yaiku Afrika Lor (Maghribi), Afrika Kulon, Afrika Tengah, Afrika Kidul, lan Afrika Wétan.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/86/Africa_%28orthographic_projection%29.svg/320px-Africa_%28orthographic_projection%29.svg.png)
Afrika diliwati garis katulistiwa lan duwé warna-warna iklim; iki minangka siji-sijiné bawana sing mbentang saka wates loré zona iklim sedheng bumi nganti wates kidulé.[2] Prakiran pertumbuhan ékonomi Afrika yaiku watara 5,0% ing taun 2010 lan 5,5% ing taun 2011.[3]