![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/5/58/Tionghoa.jpg/640px-Tionghoa.jpg&w=640&q=50)
Wong Tionghoa-Indonésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Suku bangsa Tionghoa (biyasa dipunsebut ugi Cinten utawi Cino[3]) ing Indonésia inggih punika salah satunggaling ètnis ing Indonésia. Limrahipun nyebut piyambakipun kanthi istilah Tenglang (Hokkien), Tengnang (Tiochiu), utawi Thongnyin (Hakka). Wonten ing basa Mandarin dipunsebut Tangren (Hanzi: 唐人, "tiyang Tang") utawi lajim dipunsebut Huaren (Hanzi Tradisional: 華人 ; Hanzi Sederhana: 华人). Dipunsebut Tangren amargi sami kaliyan kasunyatan bilih tiyang Tionghoa-Indonésia mayoritas asalipun saking Cino selatan ingkang nyebut piyambakipun minangka tiyang Tang, déné tiyang Cino utara nyebut piyambakipun minangka tiyang Han (Hanzi: 漢人, Hanyu Pinyin: Hanren, "tiyang Han").
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/5/58/Tionghoa.jpg/320px-Tionghoa.jpg)
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(1.739.000 (sensus 2000)[1] 2.832.510 (sensus 2010)[2]) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Kalimantan Barat, DKI Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Wétan, Sumatra Lor, Riau, Kapuloan Riau, Jambi, Sumatera Selatan, Bangka-Belitung, Sulawesi Kidul, Sulawesi Utara, Nusa Tenggara Wétan, dan Papua. | |
Basa | |
Indonésia, Hokkien, Hakka, Tiochiu, Mandarin, Jawa dan basa-basa laladan lainnya. | |
Agama | |
sapérangan besar penganut agama Kristen, Katulik dan Buda, sapérangan kecil menganut Kong Hu Cu dan Islam. | |
Golongan ètnik magepokan | |
Mayoritas suku Han dan minoritas suku Hui di Cina. |
Leluhur tiyang Tionghoa-Indonésia nindakaken imigrasi kanthi bertahap wiwit ewunan taun kapungkur ingkang nglewati babagan niaga. Peranipun sapérangan medal wonten ing sajarah Indonésia, ugi sadéréngipun Républik Indonésia dipundeklarasikaken lan dumadi. Cathetan-cathetan saking Cino ngandharaken bilih kraton-kraton kuna ing Nuswantara sampun berhubungan kaliyan wangsa-wangsa ingkang kumawasa ing Cina. Faktor punika ingkang lajeng nyuburaken dedagangan lan lalu lintas barang punapa déné manungsa saking Cino nuju ing nuswantara ugi kosok wangsulipun.
Sabibaripun nagara Indonésia mardika, tiyang Tionghoa ingkang kewarganagaraanipun Indonésia dipungolongaken minangka salah satunggaling suku wonten ing lingkup nasional Indonésia, kados déné Pasal 2 UU Nomor 12 Tahun 2006 tentang Kewarganagaraan Républik Indonésia.[4]