Golongan ètnik
From Wikipedia, the free encyclopedia
Golongan ètnik utawa ing basa sadina-dina dipigunakaké tembung wong (basa Inggris: ethnic group), iku golongan manungsa sing kaiket déning kasadaran lan idhèntitas awujud "nyawijining kabudayan", déné kasadaran lan idhèntitas mau kerep (nanging ora tansah) dikuwataké anané basa (malah kadhangkala aliran agama).