Wong Rohingya
suku bangsa ing Myanmar / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Rohingya iku wong Indho-Arya Muslim saka Praja Rakhine, Myanmar.[18][19] Miturut wong Rohingya dhéwé lan sawenèh winasis, wong Rohingya iku pribumi Praja Rakhine. Éwadéné, ana ahli sajarah kang mratélakaké manawa wong Rohingya iku saka Banggala kang neneka ing Myanmar ing telung mangsa: (1) nalika jamané pamaréntahan Britis ing Burma,[20][21][22] (2) nalika Burma mardika ing taun 1948, sarta (3) nalika Perang Pambébasing Banggaladésa ing taun 1971.[23][24][25][4][26] Organisasi hak asasi manungsa lan médhia internasional asring mratélakaké yèn wong Rohingya iku golongan minoritas kang paling disiya-siya ing saindenging donya.[27][28] Sanajan mangkono, pratélan mangkono durung kaweruhan asalé apa saka Pasarékatan Bangsa-Bangsa apa dudu.[29]
Ruáingga | |
---|---|
Gunggung cacah jiwa | |
(1.547.778[1]–2.000.000+[2]) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Myanmar (Praja Rakhine), Banggaladésa, Malaysia, Népal, Pakistan, Arab Saudi, Thailand, Indonésia, India | |
Myanmar | 1,3 yuta[3][4][5] |
Arab Saudi | 400.000[6] |
Banggaladésa | 300.000–500.000[7][8][9] |
Pakistan | 200.000[10][11][12] |
Thailand | 100.000[13] |
Malaysia | 40.070[14] |
Indonésia | 11.941[15] |
Népal | 200[16] |
India | 36.000[17] |
Basa | |
Rohingya | |
Agama | |
Islam |
Wong Muslim wis dumunung ing Praja Rakhine (uga ingaran Arakan) kawit abad ping 16. Sadurungé wong Britis kuwasa, cacahé wong Muslim kang ndunungi wewengkon iku ora dingertèni persisé.[30] Sabubaré Perang Britis-Burma I ing taun 1826, wong Britis nyaplok wewengkon Arakan lan nggiyataké migrasi saka Banggala karebèn kang migrasi mau padha dadi buruh tani. Wong Muslim mau cacahé 5% saka gunggung warga Arakan rikala taun 1869, sanajan ing taun-taun sadurungé angkané luwih gedhé. Cacah sirah (sènsus) kang diadani wong Britis nalika taun 1872 lan 1911 nyathet undhak-undhakan kèhé wong Muslim saka wong 58.255 dadi wong 178.647 ing Dhistrik Akyab. Sasuwéné Perang Donya II, rajapati masal kelakon rikala taun 1942 ing Arakan amarga pecahing perang antaraning golongan Wadya V kang dumadi saka wong-wong Rohingya disenjatani péhak Britis lan golongan Buda Rakhine. Jalaran iku, wewengkon kono dadi kakothak-kothak miturut golongan ètnis.[31]
Ing taun 1982, pamaréntahan Jéndral Ne Win ngukuhaké pranatan bab warga nagara Burma. Pranatan iki ora ngakoni wong Rohingya minangka warga nagara. Kawit taun 1990-an, istilah "Rohingya" mundhak panganggoné sajeroning bebrayan Rohingya.[21][26]
Nalika taun 2013, ana udakara 1,3 yuta wong Rohingya kang urip ing Myanmar.[3] Wong Rohingya mligi dumunung ing iring lor kutha-kutha madya Rakhine lan cacah jiwané ngancik 80–98% gunggungé populasi kono.[26] Akèh wong Rohingya oncat menyang kampung-kampung reged lan kémah-kémah pangungsèn ing nagara Banggaladésa[32] lan laladan wates nagara Thailand. Wong Rohingya ing Myanmar ana cacah 100.000 punjul kang urip ing kémah-kémah pangungsèn, nanging ora diidinaké nglungani nagara déning pamaréntah saenggon.[33][34] Wong Rohingya olèh kawigatèn internasional amarga kadadéan haruhara ing Praja Rakhine ing taun 2012 sarta amarga krisis wong ngungsi ing taun 2015 nalika wong Rohingya marsudi migrasi menyang nagara-nagara ing Asiah Kidul-wétan.