Suku Hakka (Basa Mandarin: 客家人Kèjiā ren) iku saka 56 suku kang ana ing Republik Rakyat Cina.[1] Sebenere Suku Hakka iku anak suku, nanging suku iki kagolong anak suku kang misuwur.[1]

Sunyata Rikat Gunggung cacah jiwa, Tlatah mawa cacah jiwa akèh ...
Suku Hakka
客家
Gunggung cacah jiwa
(perkiraan 30-45 juta)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Guangdong, Fujian, Jiangxi, Guangxi, Taiwan, Hong Kong, Malaysia, Indonésia, Thailand
Basa
Hakka dan basa nasional nagara pendhak
Agama
Sebagian besar Buddhisme Mahayana, Konfusianisme, Taoisme, Kepercayaan tradhisional Tionghoa, sapérangan kecil Kristen.
Golongan ètnik magepokan
Kelompok suku Han lain, Orang She
Tutup

Jeneng Hakka duwé teges kulawarga kang teka, hak tegesé tamu utawa kang teka lan ka tegesé kulawarga.[1] Suku Hakka iku kagolong suku kang akèh wargane, paling akèh ana ing provinsi GuangZhou, JiangXi, Fujian.[1] Provinsi Fujian iku punjere panggon uripé suku Hakka, lan olèh jejuluk minangka Papan Eyang buyute Wong Hakka utawa Tanah Leluhur Orang Hakka.[1]

Ing Indonésia Suku Hakka akèh urip ing Acèh, Bangangka Belitung, Jawa, lan Kalimantan Kulon. Wong suku Hakka iku kasebar ing donya.[1]

Wong Hakka duwé basa dhéwé, ya iku Basa Ke.[1] Basa Ke iki kagolong pitu basa laladan kang digunakaké Bangsa Cina. Ing Indonésia Basa Ke kaloka minangka Basa Kejia utawa Basa Khek.[1][2] Ing Cina, salah siji warisan saka suku Hakka kang nganti saiki isih ana lan diakoni minangka warisan donya, UNESCO ya iku omahé suku Hakka, kang diarani Tu Lou.[1] Tu Lou duwé teges omah saka lemah.[1] Omah iki diyasa wiwit abad angka 12. Tu Lou ana ing kulon kidule provinsi Fu Jian ing kidul Cina.[1] Wujudé yasan iki bunder, pasagi dawa, pasagi.[1] Yasan iki duwé lawang siji, sing paling ngisor ora ana jendhelane, supaya ora dileboni maling.[1]

Cathetan sikil

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.