Wong Bèrbèr
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Bèrbèr utawa wong Amasigèn (Bèrbèr: ⵉⵎⴰⵣⵉⵖⵏ Imaziɣen, singular: ⴰⵎⴰⵣⵉⵖ Amaziɣ/Amazigh; Arabic: البربر Al-Barbar, الأمازيغ Amazigh) yaiku sawijining golongan étnis kang asliné saka Afrika Lor. Wong-wong iki sumebar ing wewengkon kang nyrambahi péranganing Samodra Atlantika tekan Oase Siwa ing Mesir, lan saka Sagara Tengah tekan Kali Niger. Ing sujarahé, wong-wong iki nyaturaké basa Bèrbèr, singa salé saka cawangé basa Bèrbèr saka kulawarga basa Afroasiatika. Awit panalukan Muslim Afrika Lor ing abad kapitu, wong Bèrbèr kanthi cacah akèh kang ndunungi wewengkon Maghribi éntuk sawenèh ngèlmu ngenani manéka warna basa kang ana ing Afrika Lor. Sawisé kolonialisasi Afrika Lor déning Prancis, "Pamaréntah Prancis kasil ngaworaké basa Prancis ing Aljazair kanthi ngukuhaké basa Prancis minangka basa nasional kang resmi lan nguwajibaké kabèh pandhidhikan dilakokaké ana ing Prancis."[35] Basa asing, mligi basa Prancis lan sawenèh basa Spanyol, katurunaké saka kolonial Éropah, digunakaké déning wong Bèrbèr kang pinter ing Aljazair lan Maroko ing sawenèh kontèks formal, kaya déne pandhidhikan kang luwih dhuwur utawa bisnis.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
25.000.000[1] – 50.000.000[2][3][4][5] | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
![]() | from ≈ 13 yuta[3] nganti ≈ 20 yuta[6] Morocco's Berbers Battle to Keep From Losing Their Culture / Arab minority forces majority to abandon native language.Peter Prengaman, Chronicle Foreign Service.March 16, 2001 </ref>[7] of the Moroccan population and from[8] to 15% to 35%[7][9] or 27,078,593[10] |
![]() | saka 9[3] nganti ≈ 13 yuta[7][11] utawa 32.320.000[12] |
![]() | punjul 2 yuta[13] |
![]() | 1.620.000[14] |
![]() | 850.000[15] |
![]() | >3.850.000[16] |
![]() | 2.883.000 (2,768,000[17] & 115,000[18]) |
![]() | 110.000[19] or >6.589.652[20] |
![]() | 50.000[21] |
![]() | 34.000[22] or 1.826.580[23] |
![]() | 25.885[24] |
![]() | 3.500[25] |
Basa | |
basa Bèrbèr utawa Tamazight, katulis mawa aksara Tifinagh (basa asli); Maghrebi Arabic dhialèk (antarané wong Bèrbèr angka Arabisasi) | |
Agama | |
Akèh-akèhé Islam (Sunni, Ibadi) Minoritas Kristen,[26][27] Irrelijiyus | |
Golongan ètnik magepokan | |
other Afro-Asiatic peoples[28][29][30][31][32][33][34] |
Ing dina iki, akèh-akèhé wong Bèrbèr dedunung ana ing nagara-nagara ing Afrika Lor, mligi ing Aljazair lan Maroko;[1] sawenèh cacah jiwa wong Bèrbèr uga tinemu manggon ana ing Niger, Mali, Libya, Mauritania, Tunisia, Burkina Faso lan Mesir, uga brayan-brayan imigran kang akèh tinemu ing Prancis, Kanada, Bèlgi, Walanda, Jerman, lan ing nagara-nagara Éropah liya.[36][37]
Mayoritas wong Bèrbèr nganut agama Islam Sunni.[38] Jati dhiriné wong Bèrbèr lumrahé ngluwihi bab basa lan étnisitas, lan nyakup kabèh bab sujarah lan géografisé Afrika Lor. Wong Bèrbèr dudu sawijining étnis kang homogén kabèh, wong-wong iki uga nyakup sawenèh bab fenotipé, masarakat lan leluri. Bab kang manunggalaké wong Bèrbèr bokmenawa basa kang padha, utawa sawenèh jati dhiri ngenani bab pituwah lan sujarahé wong Bèrbèr.
Ana sawenèh selawé tekan telungpuluh yuta wong kang nyaturaké basa Bèrbèr ing Afrika Lor.[1] Cacahé wong étnis Bèrbèr (kalebu kang dudu panutur basa Bèrbèr) luwih akèh, amarga akèh wong Bèrbèr kang wis nyinaoni basa-basa liya ing sawenèh pangajaran sasuwéné dhékade utawa abad, lan ing dina iki uwis ora nyaturaké basa Bèrbèr manèh. Mayoritas cacah jiwané wong Afrika Lor dipitaya yèn asliné iku wong Bèrbèr, sanajan amarga anané Arabisasi akèh wong étnis Bèrbèr kang nganggep dhiriné minangka wong Bèrbèr kang angka Arabisasi.[8][39]
Wong Bèrbèr ngarani dhiriné mawa sawenèh warna saka tembung i-Mazigh-en (tunggalé: a-Mazigh), kang ngemu teges "wong swatantra" utawa "wong kang luhunh".[36] Jeneng iku bokmenawa nduwé gegayutan kuna marang jeneng abasa Roman lan Yunani, "Mazices".[40] Sawenèh wong Bèrbèr kuna kang kondhang yaiku Numidian ratuné Masinissa, ratu Jugurtha, panganggit Bèrbèr-Roman Apuleius, Santo Agustinus saka Hippo, lan jéndral Bèrbèr-Roman yaiku Lusius Quietus, kang nduwé dhapukan kang gatèn ing ngatasi pamrontakan gedhé-gedhénan déning wong Yahudi ing115–117. Dihya utawa Kahina iku sawijining pandhéga Bèrbèr wanita ing babagan militèr lan agama kang mandhéga wong Bèrbèr nglawan ambahing wong Arab-Muslim ing Afrika Lor-Kulon. Kusaila iku wong lanang abad kapitu lan pandhéga suku Awraba ing brayat agung Bèrbèr lan Ratu Sarékat Sanhadja.
Wong Bèrbèr kang kondhang ing sadawaning sujarah kalebu Yusuf ibnu Tashfin, ratuning Bèrbèr kakaisaran Almoravid; Tariq ibnu Ziyad jéndral kang nelukaké Hispania; Abbas Ibnu Firnas, sawijining panemu lan panggagas ing bab aviasi; Ibnu Battuta, sawijining panjlajah tengahan kang uwis njlajah adoh banget ing jamané.