![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/da/Afro-Asiatic.png/640px-Afro-Asiatic.png&w=640&q=50)
Kulawarga basa Afroasiatika
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Afro-Asiatik iku rumpun basa kanggo anggota mèh 240 basa lan 285 yuta penutur sing sumebar ing laladan Afrika Lor, Afrika Wétan, Sahel, lan Asia Kidul-Kulon. Jeneng liya tumrap rumpun basa iki ya iku Afrasia, Hamito-Semitik (ora dianggo manèh), Lisramic (Hodge 1972), Erythraean (Tucker 1966). Sajeroning rumpun basa iki kalebu basa-basa tinulis klasik sing duwé sajarah dawa, malah paling dawa,kaya déné basa Arab, basa Ibrani, basa Amharik, lan basa Koptik. Basa Arab duwé prabawa kuwat marang basa Melayu/basa Indonesia amarga panggunaan minangka basa kitab suci agama Islam. Siji-sijiné basa Afroasiatik sing didadèkaké basa resmi ing Uni Éropah ya iku basa Malta.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/da/Afro-Asiatic.png/320px-Afro-Asiatic.png)
Subrumpun basa ini ya iku:
- Basa-basa Berber
- Basa-basa Chadik
- Basa-basa Egiptik/Koptik
- Basa-basa Semitik
- Basa-basa Kushitik
- Basa Beja (subklasifikasi kontroversial; kanthi umum kalebu minangka basa Kushitik)
- Basa-basa Omotik (kontroversial; kadhangkala dianggep Afroasiatik jaba)