Basa Koptik
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Language/Coptic
Koptik | ||
---|---|---|
Cithakan:Coptic Met.Remenkīmi | ||
Dituturaké ing | Mesir, Kanada, Australia, Amérikah Sarékat | |
Gunggung panutur | Punah minangka basa sadina-dina ing abad kaping 17[1], nanging kanggo basa liturgis Gréja Koptik lan uga minangka basa sadina-dina déning sawetara panutur[2][3][4][5] | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Sistem tulisan | Aksara Koptik | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | cop | |
ISO 639-3 | cop |
Basa Koptik utawa Basa Koptik Mesir (Basa Koptik Met.Remenkīmi) iku tahap pungkasan Basa Mesir, sawijining anggota saka rumpun basa Afro-Asiatik kang dipituturaké ing Mesir nganti minimal abad kaping 17. Basa Mesir wiwit ditulis mawa aksara Yunani ing abad kapisan Masèhi. Aksara iki banjur diarani aksara Koptik lan sajatiné aksara Yunani kang ditambahi mawa enem utawa pitung aksara tambahan saka aksara Demotik Mesir kanggo nglambangaké foném-foném kang ora ana ing basa Yunani.
Ana sawatara dialèk basa Koptik, kang wigati dhéwé ya iku dialèk Sahidik lan Bohairik.
Basa Koptik diganti mawa basa Arab Mesir sawisé Mesir ditaklukaké déning wong-wong Arab ing abad kaping 7. Sanadyan wis cures, ora akèh dienggo mawa basa sadina-dina manèh, Basa Koptik isih kanggo basa liturgis déning kaum Kristen Koptik Mesir. Basa kang dienggo ya iku mligi nganggo dialèk Bohairik. Saliyané iku isih ana sawatara wong-wong kang nganggo basa iki sadina-dinané.