Basa Afro-Asiatik iku rumpun basa kanggo anggota mèh 240 basa lan 285 yuta penutur sing sumebar ing laladan Afrika Lor, Afrika Wétan, Sahel, lan Asia Kidul-Kulon. Jeneng liya tumrap rumpun basa iki ya iku Afrasia, Hamito-Semitik (ora dianggo manèh), Lisramic (Hodge 1972), Erythraean (Tucker 1966). Sajeroning rumpun basa iki kalebu basa-basa tinulis klasik sing duwé sajarah dawa, malah paling dawa,kaya déné basa Arab, basa Ibrani, basa Amharik, lan basa Koptik. Basa Arab duwé prabawa kuwat marang basa Melayu/basa Indonesia amarga panggunaan minangka basa kitab suci agama Islam. Siji-sijiné basa Afroasiatik sing didadèkaké basa resmi ing Uni Éropah ya iku basa Malta.
Subrumpun basa ini ya iku:
Basa-basa Berber
Basa-basa Chadik
Basa-basa Egiptik/Koptik
Basa-basa Semitik
Basa-basa Kushitik
Basa Beja (subklasifikasi kontroversial; kanthi umum kalebu minangka basa Kushitik)
Basa-basa Omotik (kontroversial; kadhangkala dianggep Afroasiatik jaba)
Sawetara sumber utama etimologi Afro-Asia kalebu:
Marcel Cohen, Essai comparatif sur la vocabulaire et la phonétique du chamito-sémitique, Champion, Paris 1947.
Igor M. Diakonoff et al., "Historical-Comparative Vocabulary of Afrasian", St. Petersburg Journal of African Studies No. 2-6, 1993-7.
Christopher Ehret. Reconstructing Proto-Afroasiatic (Proto-Afrasian): Vowels, Tone, Consonants, and Vocabulary (University of California Publications in Linguistics 126), California, Berkeley 1996.
Vladimir E. Orel dan Olga V. Stolbova, Hamito-Semitic Etymological Dictionary: Materials for a Reconstruction, Brill, Leiden 1995
Bernd Heine dan Derek Nurse, African Languages, Cambridge University Press, 2000 - Bab 4
Merritt Ruhlen, A Guide to the World's Languages, Stanford University Press, Stanford 1991.
Lionel Bender et al., Selected Comparative-Historical Afro-Asiatic Studies in Memory of Igor M. Diakonoff, LINCOM 2003.