![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b6/6._Wingko_Babat_1.jpg/640px-6._Wingko_Babat_1.jpg&w=640&q=50)
Wingko babat
jajanan khas indonesia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wingko utawi asring dipunsebat Wingko babat inggih punika dedhaharan tradhisional khas Indonesia[1]. Wingko punika jinising kuwe ingkang didamel saking krambil lan bahan-bahan sanèsipun. Wingko kaloka wonten ing pasisir lèr pulau Jawa|Jawa. Kuwe punika asring disade wonten stasiun, terminal utawi toko-toko kuwe[1]. Wonten ing pulau Jawa, wingko asring damel olèh-olèh kaluwargi, mila ndadosakèn kuwe punika kaloka[1].
![]() Wingko babat | |
Panggonan asal | Indonesia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Jawa |
![]() ![]() |
Wingko limrahipun awujud bunder lan radi atos sarta biyasa dipunsajekakèn anget lan diiris alit-alit. Wingko saged disade bunder ageng utawi alit-alit lan dibungkus nganggé kertas[2]. Campuran gendis lan krambil ndadosaken rasanipun eca[2].
Wingko ingkang paling misuwur inggih punika wingko ingkang saking Semarang[2]. Punika njalari kathah tiyang ngira manawi wingko punika saking Semarang[3]. Mila makaten, sajatosipun wingko babat asalipun saking Babat, laladan alit ing Lamongan, Jawi wétan. Babat dumunung wonten ing caketing Bojonegoro, Jawa wétan[3].
Sapunika wingko punika dedhaharan kaloka ing Babat lan Semarang[4]. Wingko saged pinanggih wonten jalan Pandanaran, Stasiun Tawang, Stasiun Poncol lan pusat sadean Wingko Babat ing Jalan Cendrawasih[4]. Kathah wingko ingkang taksih ngginakakèn nama Tionghoa|Tionghoa[5]. Wingko babat wonten manéka warna rasa inggih punika coklat, durèn, nangka lan liya-liyanè[5].