From Wikipedia, the free encyclopedia
Widura (Dewanagari: विदुर; IAST: Vidura ) yaiku salah sijiné tokoh protagonis sajeroning wiracarita Mahabharata. Widura iku adhik kuwaloné Pandu lan Dretarasta awit duwé bapak padha nanging ibu kang béda.[1] Bapaké Widura jenengé Resi Kresna Dwipayana Wyasa utawa Resi Byasa (Abyasa), nanging ibuné yaiku wong wadon saka kasta sudra.[1] Widura ora mèlu perang ing medan perang ing Kurukshetra, yaiku perang antarané Pandawa lan Korawa, putuné dhéwé.[1]
Widura | |
Widura salah sijiné tokoh protagonis ing wiracarita Mahabarata | |
Déwanagari: | विदुर |
Éjaan Sanskerta: | Vidura |
Jeneng liya: | Yamawidura |
Asal: | Kasatriyan Panggombakan Kraton Ngastina |
Ing kitab kang sepisanan Mahabharata, yaiku Adiparwa, dicritakaké yèn nalika Ambalika dikongkon kanggo ngadhep Resi Byasa kanggo éntuk katurunan, Ambalika malah wedi karo raine resi.[2] Kanggo Nuruti panjaluké maratuwané kang jenengé Satyawati, Ambalika ngirim salah sawijiné babu kanggo nemoni Resi Byasa dhéwékan ing kamar.[2] Babu iki ngladéni resi kanthi apik saéngga resi wicara yèn mengko anak kang dilairaké saka guwa garba babu iki bakal duwé solah bawa kang prasaja.[2] Resi Byasa nerangaké yèn anak kang bakal dilairaké babu iki jelmaan saka Déwa Dharma.[2] Nanging siji kang nggawé Satyawati kuciwa, yaiku anak kang bakal dilairaké ora saka katurunan mantuné nanging saka katurunan babu saka kasta sudra.[2]
Nalika isih enom Widura sinau kanthi dibimbing karo Bisma bareng karo seduluré kang cacahé loro.[2] Miturut Mahabharata, Widura paling duwé kawicaksanan tinimbang sadulur-seduluré.[2] Widura sinau dadi mantri raja, déné Pandu diangkat dadi panglima perang lan Dretarastra dipilih dadi putra makutha.[2] Awit Dretarastra wuta, Pandu nggantékaké lan dadi pamimpin nggenteni Dretarastra, nanging Widura dadi penasihat raja lan ngancani Dretarastra.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.