![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f6/Vibrio_cholerae.jpg/640px-Vibrio_cholerae.jpg&w=640&q=50)
Vibrio cholerae
From Wikipedia, the free encyclopedia
Vibrio cholerae ya iku baktèri gram négatif, kanthi wagun basil (watang) oi galera tudo bem vei(bisa obah), duwé struktur antogènik saka antigen flagelar H lan antigèn somatik O, gamma-proteobacteria, mesofilik lan kemoorganotrof, habitat alaminé ing lingkungan akuatik lan lumrahé padha asosiasi kanthi eukariot.[1] Spesiès Vibrio kerep didhapuk kanthi sipat patogenisitase manungsa, mligi V. cholerae jalaran lelara kolèra sing ngrembaka ing nagara kang duwé banyu resik sithik lan duwé sanitasi kang ala.[2] V. cholerae tinemu wiwitané déning ahli anatomi saka Italia kang arané Filippo Pacini ing taun 1854.[3]. Nanging, panemon wiwitan iki lagi kaloka sawisé Robert Koch, kang nyinaoni lelara kolèra ing Mesir, taun 1883 kasil mbuktèkaké yèn baktèri mau jalaran kolera.[3]
Vibrio cholerae | |
---|---|
![]() | |
TEM image | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Bacteria |
Filum: | Proteobacteria |
Klas: | Gamma Proteobacteria |
Ordho: | Vibrionales |
Famili: | Vibrionaceae |
Génus: | Vibrio |
Spésies: | V. cholerae |
Jeneng binomial | |
Vibrio cholerae Pacini 1854 | |