Baktèri
From Wikipedia, the free encyclopedia
Baktèri, saka tembung Latin bacterium (jamak, bacteria), iku golongan raseksa saka organisme urip. Baktèri iku cilik banget (mikroskopik) lan akèh-akèhé unisèlular (sèl tunggal), kanthi struktur sèl sing rélatif prasaja tanpa nukleus/inti sel, cytoskeleton, lan organel liya kaya mitokondria lan kloroplas. Struktur sèl baktèri dijlentrèhaké luwih pepak sajeroning artikel ngenani prokariota, amarga baktèri minangka prokariota, kanggo mbédakaké saka organisme sing duwé sèl luwih komplèks, diarani eukariota. Jeneng "baktèri" wis ditrapaké kanggo kabèh prokariota utawa kanggo golongan gedhéné, gumantung marang panyaru ngenani gayutané.
Bakteri Kalamangsa: Cithakan:Long fossil range | |
---|---|
Escherichia coli, salah sawijining bakteri berbentuk batang | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Dhomain: | Bacteria Woese et al., 1990[1] |
Filum[2] | |
Actinobacteria (G+C tinggi)
Aquificae
Acidobacteria | |
Sinonim | |
Eubacteria Woese & Fox, 1977[3] |
Baktèri iku sing paling akèh saka kabèh organisme. Baktèri kasebar ing lemah, banyu, lan minangka simbiosis saka organisme liya. Akèh patogen wujud bakteri. Akèh saka baktèri, padatan ukurané mung 0,5-5 μm, sanajan ana jinis sing ukurané bisa nganti 0,3 mm ing dhiamèteré. Padatan duwé dinding sèl kaya ta kéwan lan jamur, nanging kanthi komposisi béda banget (peptidoglikan). Akèh obah nganggo flagela sing béda ing struktur saka flagela golongan liya.