Universitas Carleton
From Wikipedia, the free encyclopedia
Universitas Carleton (Carleton University) ya iku universitas ing Ottawa, Kanada. Diadekaké taun 1942 minangka salah sijining akademi, Universitas Carleton saiki duwé 65 babagan studi wiwit saka komunikasi massa, gayutan internasional, jurnalisme, sinematografi nganti teknik lan teknologi.[4] Universitas iki duwé punjul rong èwu staf pengajar kanggo 23 èwu mahasiswa program sarjana tekan program dhoktoral. Mahasiswa asalé saka kabèh provinsi ing Kanada lan punjul 100 nagara ing donya.[4]
Carleton University | |
---|---|
![]() | |
Diadegaké | 1942 |
Jenis | universitas swasta |
Motto | "Ours the Task Eternal"[1] |
Afiliasi | nondenominasi |
Dana abadi | CA$230 juta[2] |
Konselor | Dr Marc Garneau |
Presidhèn | Dr Roseann Runte |
Sarjana | 20.901 [3] |
Magister | 3.362 [3] |
Alumni | lebih dari 100.000 |
Alumni | lebih dari 100.000 |
Kampus | pinggir kutha, 62 hektare |
Lokasi | Ottawa, Ontario, Kanada |
tim ulah raga | Carleton Ravens |
Julukan | Ravens |
Maskot | Rodney the Raven |
Afiliasi | ASAIHL, APSIA, AUCC, IAU, COU, ACU, CIS, OUA, Fields Institute, Ontario Network of Women in Engineering |
Situs web | www.carleton.ca |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d8/Guy_carleton_portrait.jpg/640px-Guy_carleton_portrait.jpg)
Universitas iki dijenengi Universitas Carleton amarga nalika diadekaké, kutha Ottawa isih kalebu ing wewengkon Carleton County. Jeneng Carleton County dijupuk saka jeneng Gubernur Jenderal Guy Carleton I Baron saka Dorchester.
Rektor Universitas Carleton sing saiki ya iku Marc Garneau, antariksawan kapisan Kanada. Enem panarima Orde Kanada lan rong pemenang Bebungah Nobel naté tugas minangka rektor, Gerhard Herzberg lan Mahamantri Lester B. Pearson.