Bebungah Nobel
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bebungah Nobel dianugrahaké saben taun marang wong kang wis ngayahi penelitèn kang luar biyasa, nemu tèknik utawa piranti aing anyar utawa wis mènèhi kontribusi luar biyasa marang masarakat. Bab iki wektu iki dianggap minangka bebungah paling dhuwur kanggo kang duwé jasa gedhé marang donya. Bebungah Nobel pisanan diwènèhaké miturut wasiat Alfred Nobel, siji industrialis Swèdhen, lan penemu dinamit. Panjenengané napak astani wasiat mau ing Swedish-Norwegian Club ing Paris tanggal 27 November 1895. Bab iki dilakoni amarga panjenegané kagèt mirsani asil panemuané malah dimanfaataké kanggo tujuan-tujuan kang ngrusak, lan panjenengané péngin supaya bebungah Nobel diwènèhaké marang wong kang duwé jasa gedhé tumrap kamanungsan.