Ujung Malaka
From Wikipedia, the free encyclopedia
Artikel iki bab salah sijining ujung ing daratan Asia Kidul-Wetan padha umume. Bab bagean wilayah ujung ing ngisor pamrentahan pulitik Malaysia, wacanen Ujung Malaysia.
Ujung Malaka[1][n 2] utawa Ujung Kra[2] (Thai: คาบสมุทรกระ; Inggris: Malay Peninsula; Malacca Peninsula utawa diarani uga Kra Peninsula) yaiku daerah ujung ing wilayah Asia Kidul-Wetan sing duwe dawa kira-kira 1.127 kilometer ngelewati Lemah Genting Kra (Inggris: Kra Isthmus) nganti Pongol Piai, titik paling kidul banuwa Asia; lebar maksimale yaiku 322 kilometer, lan ambane kira-kira 70.000 mil persegi (181.300 km).
Sunyata Rikat Native name: Thai: คาบสมุทรกระ, Geography ...
Native name: | |
---|---|
Geography | |
Location | Asia Kidul-Wetan |
Coordinates | 7°00′N 100°00′E |
Archipelago | Nusantara |
Adjacent to | Samodra Hindia, Samodra Pasifik |
Area | 242,363,8 km2 (93,57719 sq mi) |
Highest elevation | 2.187 m (7.175 ft) |
Highest point | Gunung Tahan |
Administration | |
Daerah | Tanintharyi |
Distrik | Kawthaung |
Largest settlement | Kawthaung |
Thai Kidul | |
Largest settlement | Hat Yai |
Ujung Malaysia | |
Largest settlement | Kuala Lumpur |
Tutup
Ujung kasebut duwe batas karo sagara Andaman di Samodra Hindia ing lor-kulon, supitan Malaka ing kidul-kulon, supitan Singapura di selatan, sagara Natuna ing kidul-wetan, dan pulo Sumatra ing kulon.
Secara pulitik konstitusional, daerah ujung iki kebagi ing sajumlah bagean kadaulatan:
- Wilayah lor-kulon yaiku bagean ujung kidul saka Myanmar
- Wilayah tengah lan lor-wetan yaiku bagen kidul Thai
- Wilayah kidul yaiku bagean saka Malaysia Kulon
- Wilayah ujung kidul berbatasan karo Singapura