Trowulan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Trowulan, iku kecamatan kang kalebu ing salah sawijiné Kabupatén Mojokêrto, pêrsise 11 km ing sisih kilon kutha Mojokêrto.[1] jarak têmpuhipun kirang langkung 60 km saking Surabaya.[1] Ing wewengkon Mojokêrto taksih wontên kaéndahan Karajan Majapahit kang jaman biyèn digawé karo Radèn Wijaya.[1] Awit saka abad kaping 13 lan abad kaping 14, Kêrajaan Majapahit iku duwé kutha krajan ing Triwulan.[1] Nanging, jaman taun 1478 Kêrajaan Majapahit dipserang kaliyan wadya Islam kaéndahan kang edi peni lan karaméan ing Trowulan dadi ical botên wontên kabaripun.[1] Botên mênika kèmawon, Triwulan sampun ora dadi punjer Kêrajaan Majapahit malih.[1]
Taun 1292 Singasari dikuwasani keturunan kraton Kadhiri ya iku Jayakatwang. Salah sawijining keturunan Singasari, Radèn Wijaya, sumingkir menyang Pulo Madura. Ing pulo iku, Wijaya olèh pramayoga déning kang baureksa Madura, ya iku Aria Wiraraja, supaya éthok-éthok ngabdi karo Jayakatwang.
Jayakatwang nampa Wijaya lan kanugrahan lemah ing tlatah Tarik kang isih awujud alas. Tarik iki dadi cikal bakal kraton Majapahit.
Ing pungkasan taun 1293, Wijaya migunakaké prajurit Kubilai Khan kang arep nyerang Singasari (Kertanagara), gabungané prajurit Cina karo Wijaya iki bisa ngalahaké Jayakatwang kang déning prajurit Cina dikira Kertanagara. Radèn Wijaya uga ngalahke prajurit Kubilai Khan wektu acara pista kamenangan musuh Jayakatwang.