![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/40/Erdfunkstelle_Raisting_2.jpg/640px-Erdfunkstelle_Raisting_2.jpg&w=640&q=50)
Telekomunikasi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Telekomunikasi inggih menika transmisi informasi kanthi kesegeraan ingkang saged dipuntandhingaken kaliyan komunikasi adu-arep (face-to-face). Saengga, teknologi komunikasi ingkang alon kadosta layang pos lan tabung pneumatik boten kalebet wonten ing definisi menika.[1][2] Kathah media transmisi ingkang sampun dipunginakaken kangge telekomunikasi ing salebeting sejarah, saking isyarat asap, mercusuar, telegraf semaphore, bendera isyarat, lan heliograf optik dumugi kabel lan angkasa kosong ingkang dipundamel kangge nyaluraken sinyal elektromagnetik. Jalur transmisi menika saged dipunperang dados saluran komunikasi kangge multiplexing, saengga setunggal media saged ngirim pinten-pinten sesi komunikasi kanthi sesarengan. Pinten-pinten cara komunikasi jarak tebih saderengipun jaman modern ngginakaken suwanten kadosta kodhe tabuhan genderang, tiupan terompet, lan pluit. Teknologi jarak tebih ingkang dipunpanggihaken ing abad ka-20 lan ka-21 umumipun ngginakaken tenaga listrik, lan kalebet telegraf, tilpun, televisi, lan radio.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/40/Erdfunkstelle_Raisting_2.jpg/640px-Erdfunkstelle_Raisting_2.jpg)
Jaringan telekomunikasi awal ngginakaken kabel logam minangka media kangge ngirim sinyal. Jaringan menika dipunginakaken kangge telegraf lan telepon ing pinten-pinten dekade. Ing dekade kapisan abad ka-20, revolusi wonten ing komunikasi nirkabel dipunwiwiti kanthi terobosan-terobosan kalebet ingkang dipuntindakaken wonten ing komunikasi radio dening Guglielmo Marconi, ingkang pikantuk Hadiah Nobel wonten ing Fisika taun 1909. Pelopor awal sanes ing telekomunikasi elektrik lan elektronik kalebet panemu telegraf Charles Wheatstone lan Samuel Morse, kathah panemu lan pangembang telepon kalebet Antonio Meucci lan Alexander Graham Bell, panemu radio Edwin Armstrong lan Lee de Forest, sarta panemu televisi kadosta Vladimir K. Zworykin, John Logie Baird lan Philo Farnsworth.
Wiwit dekade 1960-an, penyebaran teknologi digital nyebabaken komunikasi suwanten sansaya kathah dipuntambahi data. Keterbatasan fisik saking media logam njalari pangembangan serat optik.[3][4][5] Internet, minangka teknologi ingkang boten gumantung kaliyan media menapa mawon, nyediakaken akses global dhateng layanan kangge pangguna individual lan langkung nyuda watesan lokasi lan wekdal wonten ing komunikasi.