Taksi
tetumpakan umum / From Wikipedia, the free encyclopedia
Taksi ya iku angkudan umum kang nggunakaké montor kanggo ngangkud penumpang.[1] Taksi lumrahé nggunakaké mobil jinis sédan, nanging ing nagara-nagara liyané ana uga taksi jinis van kang bisa ngangkud luwih akèh penumpang lan barang.[1]
Tarif taksi diitung nganggo rong cara,[1]
- kanthi nggunakaké argomèter-diitung kanthi otomatis gumantung adohé let kang ditempuh[1]
- miturut kasepakatan-penumpang lan sopir nyetujoni tarif sadurungé utawa sawisé perjalanan[1]
Bedané taksi karo angkudan umum dharat kang modhèren liyané kaya ta bus ya iku cacahé penumpang.[1] Yèn bus ngangkud akèh penumpang nanging taksi mung kamot 4 penumpang, awit taksi nggunakaké montor.[1] Taksi lumrahé ngangkud penumpang kang ana ing kalompok tinamtu.[1]