Van (Basa Turki: Van; Armèni: Վան; Kurdhi: Wan; Turki Osmani: فان; Yunani Tengahan: Εύα, Eua) iku kutha ing sisih wétané Turki, ing Provinsi Van. Kutha iki dumunung ing gisiking Tlaga Van sisih wétan. Kutha iki nduwèni sajarah kang dawa minangka wewengkon urban kang gedhé. Kutha iki minangka kutha kang gedhé wiwit jaman milénium SM kang kawitan. Kutha iki awalé minangka kutha krajané karajan Urartu ing abad ka-9 SM, banjur dadi punjering karajan Vaspurakan saka Armènia. Ing jaman saiki, Van nduwé padunung kang akèh-akèhé wong Kurdhi, nanging uga ana wong Turki minangka minoritas.[3]

Sunyata Rikat Pamaréntahan, • Mayor ...
Van
Geminte métropolitan
Thumb
ThumbThumb
ThumbThumb
Sesawangan ing kutha Van.
Thumb
Van
Van
Koordhinat: 38°29′39″N 43°22′48″E
Pamaréntahan
  MayorBekir Kaya (DBP)
Laladan[1]
  Dhistrik1.938,14 km2 (74,832 sq mi)
Élepasi1.730 m (5,680 ft)
Cacah warga (2012)[2]
  Urban370.190
  Dhistrik472.069
  Dhistrik density2,4/km2 (6,3/sq mi)
Zona wektuUTC+3
Tutup

Ing taun 2010, gunggung cacah wongé Van kang resmi nyandhak angka 367.419 wong,[4] nanging akèh étungan kang metara yèn gunggungé luwih akèh, kaya ta étungan ing taun 1996 kang mratèlakaké yèn gunggung cacah wongé ana 500.000 wong.[5] Déne miturut walikutha sadurungé, Burhan Yenguncacah wongé isa ngancik 600.000 wong.[6] Dhistrik Sèntralé Van nyrambahi laladan kang ambané luwih saka 2.289 km2 (884 mil2).[7] Van nduwé jeneng kang luwih tuwa, ya iku Tushpa, jejuluké kutha iki nalika biyèn minangka kutha krajané Karajan Urartan.

Ing taun 1941, ana ana gempa kang gedhéné 5.9 Mw. Banjur ing 23 Oktober 2011, ana gempa kang luwih gedhé ya iku 7.2 Mw.[8] Ing 9 Novèmber 2011, gempa kang gedhéné 5.7 Mw njalari sawenèh yasa ambruk.

Iklim

Van nduwèni iklim kontinèntal kanthi mangsa salju kang adhem, lan mangsa panas kang anget lan garing. Udan biyasané nalika mangsa semi lan mangsa rontok. Miturut panggolonga iklim Köppen, Van nduwèni iklim kang kalebu subtipe mangsa panas kang panas lan garing (Köppen: Dsa) kanggoné iklim kontinèntal kang rada teles.

Katerangan liyané Dhata iklim Van (1960–2012), Sasi ...
Dhata iklim Van (1960–2012)
Sasi Jan Fèb Mar Apr Mèi Jun Jul Agu Sèp Okt Nov Dhès Taun
Cathetan paling dhuwur °C (°F) 12.6
(54.7)
14.3
(57.7)
22.7
(72.9)
27.2
(81)
28.3
(82.9)
33.2
(91.8)
37.5
(99.5)
35.7
(96.3)
35.0
(95)
27.0
(80.6)
20.1
(68.2)
15.5
(59.9)
37.5
(99.5)
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) 1.9
(35.4)
2.6
(36.7)
6.6
(43.9)
12.8
(55)
18.3
(64.9)
23.7
(74.7)
27.9
(82.2)
28.0
(82.4)
23.9
(75)
17.1
(62.8)
10.0
(50)
4.4
(39.9)
14.77
(58.58)
Rerata per dina °C (°F) −3.4
(25.9)
−2.9
(26.8)
1.4
(34.5)
7.7
(45.9)
13.0
(55.4)
18.1
(64.6)
22.2
(72)
21.8
(71.2)
17.1
(62.8)
10.7
(51.3)
4.3
(39.7)
−0.8
(30.6)
9.1
(48.39)
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) −7.6
(18.3)
−7.2
(19)
−2.7
(27.1)
2.8
(37)
7.1
(44.8)
10.9
(51.6)
14.7
(58.5)
14.7
(58.5)
10.8
(51.4)
5.7
(42.3)
0.3
(32.5)
−4.6
(23.7)
3.74
(38.72)
Cathetan paling asor °C (°F) −28.7
(−19.7)
−28.2
(−18.8)
−22.7
(−8.9)
−17.5
(0.5)
−1.5
(29.3)
−2.6
(27.3)
3.6
(38.5)
6.6
(43.9)
−0.1
(31.8)
−7.5
(18.5)
−18.6
(−1.5)
−21.3
(−6.3)
−28.7
(−19.7)
Rerata curah udan mm (inches) 32.4
(1.276)
32.8
(1.291)
46.4
(1.827)
56.0
(2.205)
47.7
(1.878)
18.4
(0.724)
5.3
(0.209)
3.4
(0.134)
14.6
(0.575)
42.5
(1.673)
48.4
(1.906)
37.7
(1.484)
385.6
(15.182)
Rerata dina udan 9.9 10.1 12.0 12.7 11.4 5.5 2.1 1.4 2.3 8.5 9.0 9.8 94.7
Rerata dina salju 9 10 8 2 0 0 0 0 0 0 3 8 40
Kalembaban relatif rerata (%) 78 77 77 72 67 59 57 53 54 65 74 78 67.6
Mean monthly sunshine hours 145.7 148.4 192.2 216 288.3 351 378.2 362.7 306 229.4 171 136.4 2.925,3
Sumber #1: Devlet Meteoroloji İşleri Genel Müdürlüğü
Sumber #2: Weather2
Tutup

Olah-olahan

Olah-olahan ing Van béda karo olah-olahan ing wewengkon liyané ing Turki kang akèh-akèhé olah-olahan tradhisional kaya kebap. Olah-olahan kang mirunggan saka Van ya iku sarapan kang ditata ana méja.

Thumb
Méja sarapan ing Van.

Kucing Van

Thumb
Kucing Van

Kucing Van iki salah sawijiningjinis kucing kang asli saka kutha iki lan nduwé jeneng kang padha karo kutha iki. Kucing iki nduwèni werna mripat kang béda, lan werna wuluné putih.[9]

Wong kang kondhang

  • Mkrtich Avetisian, jurnalis saka Armènia lan uga bleger pulitik, salah siji kang ngeyasa organisasi Armenakan.
  • Mkrtich Khrimian, sawijining panganggit saka Armènia, pangarep relijiyus, lan dhèwèké uga Catholicos of All Armenians (1892–1907).
  • Bedros Kapamacıyan, walikutha Van saka Osmani-Armènia.
  • Vahram Alazan, sawijining juru gurit Armènia, panganggit, lan aktivis publik. Dhèwèké uga minangka First Secretary saka Writers Union of Armenia saka taun 1933 nganti 1936.
  • Arshile Gorky, sawijining juru lukis katurunan Amérika-Armènia kang mrebawani ing gagrag Abstrak Èksprèsionisme.
  • Panos Terlemezian, juru lukis, sawijining People's artist of Armenian SSR.
  • Aghasi Khanjian, pandhégané Armènia Sovyèt saka taun 1930 nganti 1936.
  • Vardan Ajemian, sawijining juru main lan uga sutradara téater saka Armènia, sawijining People's Artist of the USSR.
  • Gurgen Mahari, sawijining panganggit lan juru gurit saka Armènia.
  • Haig Patigian, juru reca katurunan Amérika-Armènia.
  • Armenakis Yekarian, aktivis pulitik saka Armènia.
  • Nairi Zarian, juru gurit lan panganggit saka Armènia Sovyèt.
  • Kegham Vanigian, aktivis pulitik saka Armènia.
  • Varazdat Harutyunyan, sujana lan arsitèk saka Armènia.
  • Ruhi Su, penyanyi rakyat lan aktivis pulitik.
  • Yeghishe Derderian saka Yèrusalèm, Patriark Armènia saka Yèrusalèm.
  • Ferit Melen, ahli pulitik lan prime minister ing Turki antaraning taun 1972 lan 1973.
  • Hüseyin Çelik, former minister lan deputy chairman saka JDP kang mréntah.
  • Sinan Çetin, sutradara filem, lair tanggal 1 Maret, 1953.

Gladri

Rujukan

Kapustakan

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.