lintang ingkang ana ing rasa Canis Major From Wikipedia, the free encyclopedia
Sirius (α CMa / α Canis Majoris / Alpha Canis Majoris) ya iku lintang paling padang ing langit wengi, nganggo magnitudo tampak −1.47. Lintang iki mapan ing rasi Canis Major lan minangka sistem lintang ganda kanthi piranti primèr lintang deret utama kelas A lan piranti sekunder siji katai putih.
Dhata pangamatan Epos J2000 | |
---|---|
Rasi lintang | Canis Major |
Asensio rekta | 06j 45m 08.9173d |
Dhéklinasi | −16° 42' 58.017" |
Magnitudo katon (V) | −1.47 (A) / 8.44 (B) |
Ciri-ciri | |
Kelas spektrum | A1V (A) / DA2 (B) |
Indèks warna U-B | −0.08 (A) / −1.04 (B) |
Indèks warna B-V | 0.01 (A) / −0.03 (B) |
Jinis variabel | Bintang ganda gerhana |
Astrometri | |
Kacepetan radhial (Rv) | −7.6 km/s |
Gerak dhiri (μ) | RA: −546.01 mas/taun Dek.: −1223.08 mas/taun |
Paralaks (π) | 379.21 ± 1.58 mas |
Let | 8.6 ± 0.04 tc (2.64 ± 0.01 pc) |
Magnitudo mutlak (MV) | 1.47 (A) / 11.35 (B) |
Orbit lintang gandha visual | |
Lintang sékundhèr | α CMa B[1] |
Periodhe (P) | 50.09 taun |
Sumbu semi-mayor (a) | 7.56" |
Eksentrisitas (e) | 0.5923 |
Inklinasi (i) | 136.5° |
Bujur node (Ω) | 44.6° |
Epoch periastron (T) | 1894.13 |
Detail | |
Massa | 2.02[2] (A) / 0.978[2] (B) M☉ |
Radhius | 1.711[2] (A) / 0.008 (B) R☉ |
Luminositas | 25.4[2] (A) / 0.0024 (B) L☉ |
Suhu | 9,900 (A) / 25,200[2] (B) K |
Metalisitas | 190% Matahari (A) |
Umur | 2-3 × 108[2] taun |
Pamènèhan jeneng liya | |
α Canis Majoris, 9 CMa, HD 48915, HR 2491, BD-16°1591, Gl 119-052, GCTP 1577.00 A/B, GJ 244 A/B, LHS 219, ADS 5423, LTT 2638, HIP 32349. | |
Réferènsi database | |
SIMBAD | data
|
Sirius bisa dideleng mèh ing kabèh papan ing lumahing Bumi kajaba déning wong-wong sing mapan ing lintang ing nduwur 73,284° lor. Wektu paling apik kanggo bisa ndeleng lintang iki ya iku sakiwa-tengené tanggal 1 Januari, lintang iki tekan meridian ing tengah wengi.
Ing kaanan sing jumbuh, Sirius bisa dideleng nganggo mata nalika Srengéngé isih mapan ing nduwur horison. Nalika mapan ing nduwur sirah, lintang iki bisa dideleng ing kaanan hawa sing resik, asal sing ndeleng mapan ing papan sing dhuwur, lan posisinè Srengéngé cukup endek.[3]
Jeneng lintang iki asalé saka basa Yunani Σείριος (Seirios, sing tegesé "murup-murup" utawa "panas banget"[4]). Minangka bintang paling padang ing rasi "Asu Gedhe", kerep karan uga minangka "Bintang Kirik".
Jeneng Latin kanggo lintang iki ya iku Canicula ("Asu cilik") lan ing basa Arab: الشعرى, aš-šyi‘rā ing astronomi Islam, ing kunu jeneng alternatif Al Shira mudun. Kanthi jeneng aš-šyi‘rā, lintang iki karan ing Al-Quran Surah An-Najm ayat 49, sing unine:lan Panjenengane ya iku Gusti (sing duwé) lintang syi'ra.
Jeneng liya saka para astronom jaman dhisik ya iku:
jeneng liya | asal basa | artiné |
---|---|---|
Lokibrenna | Skandinavia | obor Loki[5] |
Hundastjarna | Skandinavia | lintang anjing[6] |
狼星 / Lángxīng | China | lintang srenggala[7] |
天狼星 / Tiānlángxīng | China | lintang srenggala langit[7] |
賊星 / Zéixīng | China | lintang pencuri, sang meteor[7] |
Skidi | Amérika asli | lintang srenggala[8] |
Tishiya (karan juga Tishiga, Tistrija, Tishtrya) | Sanskerta | lintang pemimpin[8] |
Kak-shisha | Pèrsi | anjing sing memimpin[8] |
Du-shisha, Mul-lik-ud | Akkadia | pemimpin, lintang anjing ing srengéngé[8] |
Kal-bu Sa-mas | Assyria | asu srengéngé[8] |
Tir | Pèrsi | panah[8] |
Sihor | Mesir Kuno | lintang kali Nil[8] |
Hannabeah | Punisia | penggonggong[8] |
Takarua | Maori[9] | |
Hatun Coyllur [10] | Inca | lintang gedhé |
ʻAʻā | Hawaii[11] | cemerlang lan mbakar |
Sionpàš | Chakavia[12] | jeneng Chakavia kanggo lintang iki[13] |
Singuuriq[14] | Inuit | kaya lampu sing padang |
Saliyané rasi Canis Major, lintang iki uga minangka anggota saka pirang-pirang rasi, asterisma utawa kelompok ing ngisor iki:
jeneng rasi / asterisma / kelompok | asalé | artiné | anggota liyané |
---|---|---|---|
Winter Circle | lingkaran mangsa dingin | α CMi, β Gem, α Gem, α Aur, α Tau, β Ori, α Ori | |
천랑 / Tiānláng | China | Srenggala ing Langit | tidak ada |
Egyptian X | α CMi, α Ori, ζ Pup, α Col | ||
Ke Kā o Makaliʻi[15] | Hawaii | α CMi, β Gem, α Gem, α Aur | |
Manu [16] | Polinesia | burung besar | α Car, α CMi, β Ori, α Ori |
Heavenly G[17] | huruf G ing langit | α Tau, α Aur, β Gem, α Gem, α CMi, β Ori, α Ori, γ Ori | |
Calvario Cruz (versi kedua)[10] | Inca | salib Calvary | α CMi, β Ori, α Ori |
Hatun Cruz (versi pertama)[10] | Inca | salib gedhé | α CMi, β Ori, α Ori |
Volci [18] | Makedonia | srenggala | α CMi |
Sky Dragon[19] | naga di langit | α Aql, α Aur, α Boo, α CMi, α Cyg, β Gem, α Gem, α Leo, α Lyr, β Or, α Or, α PsA, α Sco, α Tau, α Vir | |
Sirius Supercluster | HD 13594, 5 Aql, δ Aqr, 32 Aqr, β Aur, 45 Boo, χ Cet, 6 CMi, δ Col, 29 Com, α CrB, υ CrB, ζ Crt, HD 209515, HD 184960, δ Del, 59 Dra, HD 129798, β Eri, ζ Eri, HD 157740, υ1 Hya, HD 109799, 21 LMi, ζ Leo, τ Leo, γ Lep, RR Lyn, α Oph, HD 65810, HD 178428, HD 165185, β Ser, HD 26923, HD 111456, ζ TrA, 37 UMa, β UMa, γ UMa, δ UMa, ε UMa, 78 UMa, ζ UMa, 80 UMa, o Vir, α Vol.[20][21] |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.