Sepat rawa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sepat rawa, Trichogaster trichopterus, utawa mung ingaran sepat (biyasa) sawijining iwak anggota suku guraméh (Osphronemidae). Kayadéné seduluré kang duwé ukuran luwih gedhé, yaiku sepat siam (T. pectoralis), iwak iki disenengi wong sanajan ora sepira aji. Sapérangan saka varietase duwé rupa kang elok lan dadi iwak hias lan diingu ing akuarium
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...
Sepat Rawa | |
---|---|
Sepat Trichogaster trichopterus saka Prembun, Tambak, Banyumas | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Perciformes |
Famili: | Osphronemidae |
Génus: | Trichogaster |
Spésies: | T. trichopterus |
Jeneng binomial | |
Trichogaster trichopterus (Pallas, 1770) | |
Tutup
Iwak iki duwé jeneng liya kaya ta sepat sawah, sepat jawa, sepat biru, sepat ronggeng (Mly.), sapek (Min.) lsp. Ing dol-tinuku iwak hias, ing (Ingg.) uga ingaran Three spot gourami, Blue gourami, Cosby gourami, Gold gourami, Golden gourami, sarta Opaline gourami[1].