![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/1d/Bristol.zoo.aquarium.arp.jpg/640px-Bristol.zoo.aquarium.arp.jpg&w=640&q=50)
Akuarium
From Wikipedia, the free encyclopedia
Akuarium ya iku salah sawijiné vivarium. Lumrahé digawé saka bahan kang transparan kang digawé saka gelas utawa plastik.[1] Bahan kang kanggo nggawé akuarium kalebu bahan kang kuwat supaya ora gampang pecah.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/1d/Bristol.zoo.aquarium.arp.jpg/640px-Bristol.zoo.aquarium.arp.jpg)
Akuarium lumrahé kanggo wadhah kéwan lan tuwuhan banyu kaya ta iwak.[1] Saliyané iwak uga kena kanggo wadhah invertebrata, amfibi, mamalia laut lan reptil).[1] Akuarium uga bisa dadi musiyum iwak ing panggonan-panggonan wisata.[1] Ngingoni iwak ing akuarium kalebu hobi kang misuwur.[1]
Akuarium kang sepisanan digawé ing London, Inggris.[1] Akuarium iki digawé ing taun 1853.[1] Sawisé iku teknologi kang kanggo nggawé akuarium uga saya canggih saéngga tinemu sistem panyaringan lan panerangan wujud lampu-lampu lan rerenggan ing akuarium.[1]