Musiyum
bebadan kang nyimpen artéfak, rélik, lan barang-barang ngèlmiyah, artistik, budaya, sajarah, utawa kawigatèn liyané / From Wikipedia, the free encyclopedia
Muséum utawa musiyum iku gedhong/yasan kanggo nyimpen patilasan utawa barang kang ngandhut sajarah. Ing jaman saiki, akèh uga musiyum kang nyimpen barang-barang kontemporèr, ora mligi marang sing kuna banget.
Musiyum manut Encyclopedia Americana (EA), tegesé siji lembaga institusi sing awèh pangladènan telung prakara: pengumpul, pelindung, lan mamerake obyek.[1] Miturut Budpar ing (Pasal 1.(1). PP. No. 19 Tahun 1995), Musiyum ing kaitane karo warisan budaya, yaiku lembaga, panggonan nyimpen, ngrawat, ngamanake barang bukti materiil asil budayane manungsa, alam, lan lingkungan kanggo nyengkuyung usada perlindungan lan pelestarian kekayaan budaya bangsa [2].