From Wikipedia, the free encyclopedia
Salam (jeneng Latin Syzygium polyanthum.[1][2] E. lucidula Miq.,[3] atawa Eugenia polyantha[3]), utawa luwih sok diarani Godhong Salam ya iku salah siji rempah wujud godhong sing bisa digunakaké dadi bumbu masakan.[2] Godhong salam uga bisa kanggo nambani manéka lelara.[2]
Salam | |
---|---|
Godhong Salam | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Myrtales |
Famili: | Myrtaceae |
Génus: | Syzygium |
Spésies: | S. polyanthum |
Jeneng binomial | |
Syzygium polyanthum (Wight) Walpers | |
Tandhuran Salam kang kalebu godhong rerempahan, racaké kanggo bumbu masak bisa kanggo nambani diare, kencing manis, kolesterol lan liyan-liyané.[4] Pérangan kayu lan oyot uga duwé khasiat obat.[5] Salam ditandur dijukut godhongé kanggo bumbu masak, kulit kayune kanggo bahan pewarna jala atawa anyaman pring. Uwohe bisa dicangkok lan distek.[5]
Wit Salam iki duwé jeneng liya,[6] ya iku:
Godhong Salam kanggo usada:
Godhong Salam duwé kandhutan lenga atsiri (seskuiterpen,lakton, fenol), tanin, triterpen, alkaloid, saponin lan flavonoid[6]
Dhuwuré tekan 25 m, batang bunder, kulit kayu lunyu, oyoté tunggang[10]. Dawané rangkai Godhong 0,5–1 cm. Godhongé ana kang lonjong, elips lan ana kang bunder telur sungsang, pucuké lancip, bongkoté lincip, pinggiré rata, balungé godhong menyirip, godhong pérangan dhuwur warnané ijo tuwa, pérangan ngisoré ijo enom, dawané watara 5–15 cm, ambané 3–8 cm, manawa diremes mambuné wangi [6]. Kembang majemuk kasusun kanti rupa malai kang metu saka pucuking epang, warnané putih, mambuné wangi [6]. Uwohé buah buni, bunder diameteré watara 8–9 mm, uwoh kang esih enom warnané ijo, manawa wis mateng warnané dadi abang tuwa, rasané rada sepet [6]. Wijiné bunder. Diameteré watara 1 cm, warnané soklat [6].
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.