Rossa
penyanyi Indonesia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Rossa penyanyi Indonésia kang duwé jeneng dawa, Sri Rossa Roslaina Handiyani (lair ing Sumedang, 9 Oktober 1978; umur 45 taun) kang kondhang amarga nembangaké tetembangan sedhih, kaya ta Nada-Nada Cinta, Tegar, Hati Yang Terpilih, Atas Nama Cinta, Kini, Ayat-Ayat Cinta, Hey Ladies, Hati Yang Kau Sakiti, Tega, Cerita Cinta, Pudar, Ayar Ayat Cinta dan Tega, Dhèwèké penyanyi musik pop.[1] Kamampuan nyanyiné diturunaké saka ibuné, Eni Kusmiani, kang saiki dadi mantan penyanyi Cianjuran lan bapané iku wiraswasta, asma bapané Ukas Hasan Irawan.[1] Dhèwèké dhéwé iku anak kaping pisanan saka telung saudara, dhèwèké duwé adhi kang arané Iwan lan Hendra.[1]
Rossa | |
---|---|
Lair | Sri Rossa Roslaina Handayani (1978-10-09) Oktober 9, 1978 (umur 45) Sumedang, Jawa Barat, Indonesia |
Padunungan | Jakarta, Indonesia |
Bangsa | Indonesia |
Jeneng liya | Rossa, Ocha |
Pakaryan | Penyanyi, Artis |
Kutha asal | Jakarta |
Sana jaringan | http://www.pecintarossa.com/ |
Debut album Rossa kang pisanan judhulé UNTUK SAHABATKU, dirillis ning taun 1988, isiné tetembangan anak - anak kang alunan musiké dikerjakaké déning Franky Sahilatua, James F Sundah, Uce F Tekol, Areng Widodo lan Alex Lia.[1]
Sawisé ngrilis album kang pisanan, dhèwèké ngrilis album kang kaping loroné.[1] Album kang kaping loroné iku judhulé NADA NADA CINTA, dirilis nalika taun 1996.[1] Tetembangan kang ana ning album mau olih atur sapala kang apik saka masarakat.[1] Dhèwèké tambah kondhang nalika ngrilis album kang judhulé TEGAR (2000), ning tetembangan kang ana ning album mau uga dadi theme-song sinétron kang disutradarani Putu Wijaya.[1] Sinetron iku judhulé SUAMI, ISTRI DAN DIA.[1] Sinetron mau diputer ning stasiun TV, RCTV.[1]
Dhèwèké lulusan saka Universitas Indonésia jurusan FISIP nalika Fèbruari 2002.[1] Duwé anak siji kang dijenengi Rizky Langit Ramadhan.[1]