Ramèn (ラーメン (ramēn,ラーメン?) ya iku masakanmi duduh Jepang kang asalé saka Cina.[1]Wong Jepang uga ngarani ramèn minangka chuka soba utawa shina soba (soba utawa o-soba ing basa Jepang tegesé mi.[1] Tembung ramēn ing basa Jepang asalé saka basa Cina 拉面/拉面 (pinyin: lāmiàn, kanthi harfiah "mi
Miturut cathetan sajarah Tokugawa Mitsukuni (Mito Komon) asring kang ngarani wong Jepang kang pisanan mangan ramèn. Masakan mi duduh ala Cina pisanan disajékaké kanggo Tokugawa Mitsukuni. Sing nggawé ya iku ilmuwan Konghucu ing ditarik").
pengasingan saka Dinasti Ming kang diundang supaya teka menyang Domain Mito.
Ramèn wiwit dipangan para warga nalika jaman Meiji.[2][3] Wektu semana, ramèn wis dadi menu ing warung-warung ing pemukiman keturunan Cina ing Kobe lan Yokohama.[2] Sawisé iku, ing jaman Taisho, wong adol mi ing Hokkaido wis ngadol ramèn kaya ramèn kang misuwur wong saiki.
Dhèk biyèn nalika nggawé mi ing Cina nganggo banyu asin kang ngandhut uyah mineral alami saka tlaga Kan ing Mongolia.[1] Ing Jepang, bahan kimia tambahan kanggo nggawé mi diarani kansui kang tegesé banyu saka Tlaga Kan. Ing Jepang, bahan kimia sing ditambahakée ing mi nganti tekan saiki isih diarani kansui (鹹水, kanthi barès: banyu saka Tlaga Kan). Sawisé Perang Dunia II, bahan kimia tambahan kanggo mi kang mbebayani kanggo kasarasan awak akèh kang kasebar ing pasaran, nanging saiki bahan kimia tambahan wis diatur ing sajeroning baku JAS. Bahan kimia tambahan kanggo mi mambuné ora énak mula akèh wong-wong kang ora seneng. Ing Jepang mi digawé migunakaké endhog minangka gantiné bahan kimia.
Mi Ramen iku mi kang diwadhahi mangkuk isiné duduh saka pirang-pirang jinis kaldu (padatan kaldu babi).[4]Chasiu, menma, endhog godhog, janganan ijo kaya bayem, irisan unclang ditambahake ing sandhuwure mi minangka lawuh utawa panyedhep sarta nori utawa narutomaki minangka rerenggan.[1]
Mi kang padatan awarna kuning digawé saka terigu kanthi kadar gluten kang akèh ditambah banyu lan bahan kimia tambahan kaya ta potasium karbonat, natrium karbonat lan kadhang-kadhang ditambahi asem fosfat. Bahan-bahan kimia kang asipat alkali ngowahi sipat alami gluten ing glepung trigu lan ndadèkaké mi dadi kenyal. Saliyané iku, ngaktifake senyawa flavonoid kang ana ing tepung terigu mulane mi awarna kuning. Ukurane banyu lan tepung terigu kira-kira 1: 35%. Saya akèh banyune, mula mi kang diasilake saya empuk.
Duduh ramen digawé saka kaldu kang padatan digawé saka bahan-bahan kaya ta balung babi, balung sapi, balung pitik, katsuobushi, sababushi, niboshi, konbu, kacang kedhelé gongseng, shiitake, bawang bombay utawa unclang. Ramen uga bisa diperang miturut duduhe kaya ta duduh rasa kecap asin, duduh rasa tonkotsu (balung babi), rasa shio (uyah), lan rasa miso.[1]
Ramen bisa diperangake miturut jinis-jinis duduhe, ya iku:
Katerangan liyané No., Duduh ramen ...
Duduh ramen
No.
Duduh ramen
Katrangan
01.
Duduh rasa kecap Jepang
Ramen kanthi duduh rasa kecap asin (shoyu) iku jinis ramen kang paling umum ing Jepang, apa manèh ing Pulau Honshu. Duduh iki digawé saka balung pitik kang digodhog lan jejanganan. Duduhe awarna soklat amarga saus digawé saka bahan utama kecap asin kang disok ing dhasar mangkok. Minangka penyedhap padatan ditambahake mrica lan rayu (lenga wijèn pedhes).
Duduhe awarna putih rada kenthel, gurih, ana minyake amarga saka banyu godhogan balung babi. Ramen rasa tonkotsu asalé saka Kyushu. Rasa duduhe ora patiya asin, lan kadhang-kadhang uga ana duduh kang awarna rada soklat. Ing Tokyo misuwur tonkotsu shoyu ramen kang duduhe digawé kanthi nyampurake saus kecap asin karo duduh balung babi kang kenthel banget.
Duduh kang dibumboni uyah wernané ameh bening, kaya ta ramen hakodate. Asal-usule ya iku masakan mi Cina kang dikenalake minangka ramen hokkaido ing taun 1933.
04.
Duduh rasa miso
Duduh kang mambune wangi asalé saka duduh balung pitik ditambahi miso. Ramen rasa miso jarene diripta déning wong kang seneng dhahar kang pengen ngrasakake ramen barengan sup miso.
Tutup
Hokkaido
Kushiro ramen (Kushiro)
Rasa duduhe ora patiya mrasa, mine cilik lan lembut-lembut.
Kitami ramen (Kitami)
Duduh rasa kecap asin kang ngandhut duduh bawang bombay.
Bahan dhasar duduh tokyo ramen ya iku duduh katsuobushi ditambah saus kecap asin kang dadi resep rahasia saben bakul ramen. Ing sadhuwure mi diwènèhi chasiu, bayem, endhog godhog, menma, lan irisan unclang. Masakan mi kang isih sejinis kaya ta ogikubo ramen lan ebisu ramen isih kalebu ing sajeroning tokyo ramen.
Mi godhog kanthi duduh Cina ditambah oseng-oseng janganan lan ing dhuwuré diwènèhi cambah. Jinis mi kaya ngene iki wiwit misuwur sawisé Perang Dunia II. Duduhe bisa wujud rasa shio utawa rasa shoyu. lawuhe wujud chasiu, unclang, jangan bayem, lan pirang-pirang nori.
Duduhe kenthel rasa kecap asin kang wernane arep ireng mula asring diarani crack saka Toyama. Rasa duduhe asin lan minangka penyedap diwènèhi mrica ireng.
Tokai
Takayama ramen (Takayama)
Asring diarani hida ramen kanthi duduh katsuobushi rasa kecap asin. Penduduk kana ngarani chuka soba.
Mi kanthi duduh rasa kecap asin saka duduh pitik. Masakan mi iki pisanan dikenalake déning restoran Taiwan. Ing sadhuwure mi diwènèhi oseng-oseng janganan karo daging, lombok, lan bawang.
Betokon ramen (kutha Ichinomiya)
Duduhe diwènèhi bawang kang akèh. Ramen jinis iki kira-kira diripta nalika Perang Vietnam, nanging betokon uga kira-kira minangka singkatan saka vietkong.
Ramen kyoto duwé 3 jinis duduh: rasa kecap asin kang kenthel, duduhe akèh minyake, lan duduh kang kenthel banget lan akèh minyake. Ing sadhuwure mi diwènèhi penyedap wujud kecambah, chasiu, lan menma.
Kobe ramen (Kobe)
Yèn wong pesen chasiu ramen ing Kobe, mula bakule bakal mènèhi ramen kanthi pirang-pirang lembar chasiu ing dhuwuré. Ing sadhuwuring méja asring disajekake kimchi janganan kucai lan asinan lobak.
Tenri ramen (Tenri)
Duduhe rasa kecap asin kanthi bumbu doubanjiang lan bawang. Ing dhuwuré mi ditambahake oseng-oseng sawi putih lan kucai.
Wakayama ramen (kutha Wakayama)
Duduhe kenthel rasa tonkotsu kanthi saus kecap asin. Ing dhuwuré mi ditambahake kamaboko. Bakul mi akèh kang migunakaké kecap asin amarga kutha Wakayama iku pusate indhustri kecap asin.
Banshu ramen (kutha Nishiwaki)
Duduhe rasa kecap asin.
Chugoku lan Shikoku
Sanuki ramen (saka kutha Mitoyo)
Laladan iki misuwur kanthi produksi udon kang digawé nganggo tangan, mula bakul ramen uga migunakaké mi gawéyane dhéwé. Duduhe kang ora mrasa iku minangka campuran rasa duduh udon lan duduh ramen.
Okayama ramen (saka kutha Okayama)
Ing kutha Okayama akèh banget bakul ramen kang ngadol ramen kang digawé nganggo resep kas, nanging padatan migunakaké duduh kecap asin.
Fukuyama ramen (kutha Fukuyama)
Dusuh fukuyama ramen rasané arep kaya onomichi ramen nanging rasa duduhe ora patiya mrasa.
Onomichi ramen (kutha Onomichi)
Duduh arep kaya bening, rasa kecap asin saka duduh panganan saka utawa balung pitik.
Duduh kecap asin lan ditambahi kecambah ing sadhuwure.
Tokushima Ramen (kutha Tokushima)
Duduh kecap asin kang rasané rada asin-pedhes arep kaya sukiyaki ala Kansai. Warga kana asring dhahar nganggo sega kanthi lawuh ramen.
Nabeyaki ramen (kutha Susaki)
Duduh rasa kecap asin diwadhahi ing panci enamel. Ing dhuwuré mi diwuri daging pitik, unclang, chikuwa lan endhog mentah. Mi iki didhahar nganggo asinan lobak. Warga kana asring dhahar ramen nganggo sega.
Hakata ramen iku ramen kang dudure rasa tonkotsu. Ing kutha iki misuwur sistem tambah mi ing duduh lan mangkok kan padha amarga mi kang dienggo hakata ramen gampang medhok.
Nagahama ramen (Fukuoka)
Janjane arep padha karo hakata ramen, nanging duduhe ora patiya mrasa.
Kurume ramen (kutha Kurume)
Duduhe rasa tonkotsu kang diwenenhi penyedap wujud bawang kang wis diparut, wijen, lan jahe kang isih segar.
Kumamoto ramen (kutha Kumamoto)
Duduhe rasa tonkotsu kang dicampur karo duduh balung pitik. Kumamoto ramen isih sajinis karo kurume ramen.
Museum Ramen kang pisanan ana ing kutha Osaka, Jepang. Museum iki diyasa taun 1999 déning Nissin. Saliyané ing Osaka, Nissin uga yasa musiyum ramen ing Yokohama nalika taun 2011. Museum iki ambané 10.000 m² utawa ambané kaping telune musiyum kang ana ing Osaka.[5][6]