![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/29/Qualcomm_Headquarters_La_Jolla.jpg/640px-Qualcomm_Headquarters_La_Jolla.jpg&w=640&q=50)
Qualcomm
From Wikipedia, the free encyclopedia
Qualcomm Incorporated inggih punika perusahaan multinasional Amerika ingkang madeg ing San Diego, California, saha dipuninkorporasi ing Delaware.[1] Perusahaan punika ngasilaken semikonduktor, perangkat lunak, saha layanan ingkang gegayutan kaliyan teknologi nirkabel. Perusahaan punika nggadhahi paten ingkang wigatos kangge standar komunikasi seluler 5G,[2] 4G,[2] CDMA2000, TD-SCDMA saha WCDMA. Qualcomm dipunbangun ing taun 1985 dening Irwin Jacobs saha nem pendiri sesarengan sanes. Penelitian awal babagan teknologi telepon seluler nirkabel CDMA dipunbiayai kanthi ngadol sistem komunikasi satelit digital rong arah ingkang dipunsebat Omnitracs.
![]() | |
![]() Markas ageng ing San Diego, California | |
Industry | Telekomunikasi Semikonductor |
---|---|
Headquarters | San Diego, California , U.S. |
Key people |
|
Products | CDMA/WCDMA chipsets, Snapdragon, BREW, OmniTRACS, MediaFLO, QChat, mirasol displays, uiOne, Gobi, Qizx, CPU |
Website | qualcomm.com |
Qualcomm ngembangaken piranti alus desain semikonduktor, kekayaan intelektual ingkang dipunpatenaken, piranti pengembangan saha penyawis, nanging mboten ngasilaken produk fisik kados telepon utawi peralatan infrastruktur.[3] Pendapatan perusahaan dipunpendhet saking biaya lisensi kangge ngginakaken kekayaan intelektualipun, penjualan produk semikonduktor ingkang adhedhasar desainipun, saha saking perangkat nirkabel, piranti alus utawi layanan sanes.[4]
Qualcomm mbagi bisnisipun dados tiga kategori:[5]
- QCT (Qualcomm CDMA Technologies): Produk nirkabel CDMA; 80% saking pendapatan
- QTL (Qualcomm Technology Licensing): Perizinan; 19% saking pendapatan
- QSI (Qualcomm strategic initiatives): Investasi ing perusahaan teknologi sanes; kirang saking 1% saking pendapatan
Qualcomm inggih punika penyedia produk semikonduktor tanpa pabrik ingkang dominan kangge komunikasi nirkabel saha transfer data ing piranti portabel.[6] Miturut perusahaan analis Strategy Analytics, Qualcomm nggadhahi pangsa pasar 39 persen kangge prosesor aplikasi smartphone saha pangsa pasar 50 persen kangge prosesor baseband.[7] Pangsanipun ing pasar kangge prosesor aplikasi ing tablet inggih punika 18 persen.[8] Miturut perusahaan analis ABI Research, Qualcomm nggadhahi pangsa pasar 65 persen ing LTE baseband.[9] Qualcomm ugi nyawisaken lisensi kangge ngginakaken paten-patenipun, kathah ingkang kritis kangge standar nirkabel CDMA2000, TD-SCDMA saha WCDMA.[10] Perusahaan dipunperkiraken pikantuk $20 kangge saben smartphone ingkang dipunsade.[11]