Pura Changdeok
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pura Changdeok utawi Pura Changdeokgung punika satunggaling pura Dinasti Joseon ing Seoul, Koréa Kidul ,[1][2]. Pura punika mapan wonten ing sisih wétan pura utama (Pura Gyeongbok). Pura punika pikantuk jejuluk Donggung (Pura Timur). Changdeokgung piyambak punika ateges Pura Kabecikan Gumawang.[3]
Pura Changdeok | |
---|---|
Hangul | 창덕궁 |
Hanja | 昌德宮 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Changdeokgung |
McCune–Reischauer | Ch'angdŏkkung |
Komplek Pura Changdeokgung | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
![]() Changdeokgung Injeongjeon | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | ii, iii, iv |
Rujukan | 816 |
Tlatah UNESCO | Asia-Pasifik |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1997 (Sési 21st) |
Minangka pura utama, Pura gyeongbok dados pusating papréntahan ing dipunubengi déning kuil leluhur, altar kurban, lan kantor-kantor papréntahan. Nanging pura ingkang dipunremeni lan dipunenggèni langkung dangu punika Changdeok. Nalika pungkasan Dinasti Joseon ing taun 1910, Pura Changdeok dados asèt pamaréntah lan kabikak kanggé umum.
Dumugi sapunika, kompleks punika dipunremeni amargi marisi èlemen-èlemen arsitèktur Zaman Tiga Karajan ingkang harmonis kaliyan alam. Metode kados makaten boten pinanggih ing pangyasaning Pura Gyeongbok. Sesarengan Bèntèng Hwaseong, Pura Changdeok dipunlestantunaken minangka Situs Warisan Donya UNESCO ing taun 1997 [4][5].