From Wikipedia, the free encyclopedia
Situs Warisan Donya UNESCO iku wujud situs-situs spesifik (kaya déné alas, gunung, tlaga, sagara wedhi, monumèn, yasan, komplèks, utawa kutha) kang wis dinominasèkaké lan disarujuki kanggo dilebokaké sajeroning pratélan kang direksa déning Program Warisan Donya Internasional kang digulawenthah déning Komité Warisan Donya UNESCO, kang dumadi saka 21 nagara anggota, kang dipilih déning Majelis Umum Nagara-nagara Anggota kanggo mangsa kalungguhan tinamtu.[1] Tujuan program yaiku gawé katalog, milih, lan ngreksa situs-situs warisan budaya kang kawentar (pinunjul) utawa warisan alam kang wigati minangka warisan kanggo kamanungsan. Kanthi kondisi tartamtu, situs-situs kang wis kadaftar bisa olèh dana saka "Dana Warisan Donya". Program iki diadegagaké bareng karo anané Konvènsi bab pangreksan budaya donya lan warisan alam, kang disahké déning Konferènsi Umum UNESCO ing 16 November 1972. Wiwit iku, 184 (data Juli 2007) nagara-nagara anggota wis ngratifikasi konvènsi mau.
Nalika taun 2007, ana 851 situs kang wis kadaftar: 660 situs budaya, 166 situs alam, lan 25 campuran, dumunung ing 142 nagara anggota. UNESCO nyathet saben situs kanthi nomer idhentifikasi kang béda siji lan sijiné; nanging usulan anyar sok kalebu situskang wis lumebu sadurungé, banjur didaftar minangka pérangan wedharan kang luwih gedhé. Akibaté, sistem penomeran nganti punjul 1200, sanajan luwih sethithik ana ing pratélan kang sabeneré.
Saben situs warisan donyaiku tetep darbèké nagara miturut dunungé, nanging dianggep dadi kapentingan masarakat internasional kanggo ngreksa situs mau kanggo génerasi kang bakal teka. Protèksi lan konsèrvasi situs-situs iki dadi kawigatèn kabèh nagara ing donya.
Ing taun 1959, pamaréntah Mesir mutusaké arep yasa bendungan Aswan, sawijining proyèk kang bakal ngelepaké lembah kang ngandhut warisan peradababn kuna kaya déné kuil Abu Simbel. UNESCO banjur nganakaké kampanye gedhèn-gedhèn ing donya kanggo njaga situs mau kanggo ngadhepi usulan Mesir lan Sudan. Kuil Abu Simbel lan Kuil Philae sidané diprithili secuil mbaka secuil lan ditata manèh, dipindhah menyang papan kang luwih dhuwur. Béya kanggo proyèk mau udakara US $80 yuta, watara $40 yuta saka béya mau dikumpulaké saka 50 nagara. Bab iku dianggep suksès, lan dadi conto kanggo kampanye proyèk-proyèk liya yaiku ing antarané panylametan Venesia lan lagunané, ing Italia, reruntuh Mohenjo-daro ing Pakistan, lan Candhi Borobodur ing Indonésia). UNESCO banjur miwiti gawé rancangan konvènsi Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs, kanggo ngreksa warisan budaya umum kanggo kamanungsan.
Amérika Sarékat miwiti gagasan kanggo nggabungaé konsèrvasi budaya lan konsèrvasi alam. Konferènsi Gedhung Putih ing taun 1965 mutusaké kanggo ngadegaké sawijining Badan Warisan Donya (World Heritage Trust) kanggo ngreksa "situs-situs alam lan tlatah éndah pang pinunjul ing donya lan situs mawa sajarah kanggo sing ndunungi donya mangsa saiki lan sing bakal teka." Badan Internasional kanggo Konsèrvasi Alam (International Union for Conservation of Nature) uga gawé usulan kang padha ing taun 1968, lan diusulaké taun 1972 marang Konferènsi Lingkungan Urip PBB ing Stockholm, Swèdhen.
Pungkasané siji tèks disarujuki déning kabèh nagara kang mèlu guyub, lan Konvènsi bab protèksi warisan budaya lan alam donya" disahaké déning Konferènsi Umum UNESCO ing tanggal 16 November 1972.
Sadéngah nagara kudu gawé pratélan inventarisasi kabèh situs alam lan budaya pinunjul kang diduwèni. Pratélan iki karan Pratélan Tentatif, lan wigati sebab sawijining nagara ora bisa ngajokaké usulan tumrap situs kang ora ana ing pratélan. Sabanjuré, bisa dipilih situs saka pratélan iki kang dilebokaké sajeroning file nominasi. Pusat Warisan Donya bakal mènèhi advis lan mbiyantu nyepakaké file iki, kang sabisa-bisané kudu komprehènsif.
Tekan seméné, file iki diévaluasi kanthi swatantra déning loro organisasi: Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs lan Badan Konsèrvasi Donya. Badan-badan iki banjur gawé rékomendhasi marang Komité Warisan Donya. Komité iki rapat setaun pisan kanggo nemtokaké pilihan endi usulan kang bisa lumebu Pratélan Warisan Donya, lan kadhangkala angèl mutusaké saéngga njaluk katrangan luwih akèh saka nagara kang ngajokaké. Ana sepuluh kritéria pemilihan kang kudu diduwèni supaya bisa lumebu pratélan Warisan Donya.
<!PLEASE do not add or remove any images without discussion on the talk page first>
Nganti pungkasan taun 2004, ana enenm kritéria kanggo warisan budaya lan papat kritéria kanggo warisan alam. Ing taun 2005, kritéria iki diowahi dadi siji sèt kritéria waé. Situs kang dadi nominasi kudu "duwé biji pinunjul kang universal" lan njukupi paling ora siji saka sepuluh kritéria.[2]
Sawetara iki ana 851 situs warisan donya duunung ing 142 nagara anggota. Saka cacah iki mau, 660 ing antarané wujud situs budaya, 166 situs alam lan 25 situs campuran. Klasifikasi sabanjuré kalebu klasifikasi miturut nagara anggota ing lima zona géografis: Afrika, Nagara-nagara Arab (dumadi saka nagara-nagara Afrika Lor lan Wétan Tengah), Asia-Pasifik (kalebu Australia lan Oseania), Éropa lan Amérika Lor (mligi, USA lan Kanadha), lan Amérika Latin lan Karibia.
Minangka cathetan: Ruslan lan nagara-nagara Kaukasus diklasifikasèkaké lumebu zona Éropa lan Amérika Lor.
Zona-zona géografis UNESCO uga mènèhi tekanan marang bab administratif tinimbang gayutan géografis. Mula, Pulo Gough, dumunung ing Atlantik Kidul, didadèkaké lumebu zona Éropa & Amérika Lor awit nagara Inggris kang ngusulaké tlatah mau.
Tabel ing ngisor iki nuduhaké pamérangan situs miturut zona lan klasikasiné:
Zona | Alam | Budaya | Campuran | Total | % |
---|---|---|---|---|---|
Afrika | 33 | 38 | 3 | 74 | 9% |
Nagara-nagara Arab | 3 | 58 | 1 | 62 | 7% |
Asia-Pasifik | 45 | 126 | 11 | 182[3] | 21% |
Éropa & Amérika Lor | 51 | 358 | 7 | 416 | 49% |
Amérika Latin & Karibia | 34 | 80 | 3 | 117 | 14% |
Komité Warisan Donya nganakaké rapat bola-bali setaun, kanggo ngrembug cara-cara ngemunah situs warisan donya kang ana, lan nampa usul nominasi saka nagara kang ngajokaké. Rapat mau ditindakaké saben taun kanggo nglebokaké sawijining situs sajeroning pratélan situs warisan donya sawisé presentasi déning IUCN lan/utawa ICOMOS, lan tanggapan utawa kabotan saka nagara-nagara anggota.
Rapat taunan ditindakaké pidhah-pindhah ing kutha-kutha ing saidenging donya. Kajaba kang dianakaké ing Paris (Prancis), dunungé kantor markas UNESCO, mung nagara-nagara anggota Komité Warisan Donya kang duwé hak dadi tuan rumah rapat sabanjuré.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.