Nagara ing Amérika Lor From Wikipedia, the free encyclopedia
Nagara-Nagara Mèksiko Sarékat utawa Mèksiko (basa Aztec Mexihco Tlacetililli Tlahtohcayotl; basa Sepanyol: Estados Unidos Mexicanos utawa Mexihco, México) iku nagara kang dumunung ing Amérika Lèr, wewatesan karo Amérika Sarékat, Guatemala lan Belize ing sisih kidul-wétan, Samodra Pasifik ing sisih kulon, lan Lempongan Mèksiko lan Sagara Karibia ing sisih wétan. Nagara iki minangka nagara paing gedhé katelu ing Amérika Latin lan uga nagara kang paling akèh nagnggo basa Sepanyol. Jeneng nagara iki dijupuk saka jeneng kutha krajané, kang asalé saka jeneng kutha krajan kuna Aztec yaiku Mexico-Tenochtitlan. Mexi iku sapérangan jeneng Mexitli, yaiku jeneng déwa perang, déné co tegesé panggonan lan ca tegesé wong.
Mexihco Tlacetililli Tlahtohcayotl | |
---|---|
Motto: — | |
Gunagita: Mexicanos, al grito de guerra | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Ciudad de México |
Jawatbasa | Sepanyol |
Papréntahan | Républik fédheral |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | 2,5% |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 107.127.013 (11) |
• Cacahjiwa 2004 | 104.959.590 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$1.005 miliar (13) |
• Saben wong | US$9.666 (66) |
Artacihna | Peso (MXN) |
Laladan wektu | UTC-8 nganti-6 |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC-7 nganti-5 |
Kodhé bèl | 52 |
TLD internèt | .mx |
Sajeroning amèh 3.000 taun, Mèksiko dadi panggonan sawatara peradaban maju kaya déné peradaban Amerindian, Maya lan Aztec. Tekané panjajah Sepanyol pimpinan Hernan Cortes ing wiwitan abad angka 16, lan kamenangané saka kaum Aztec ing taun 1521, nandhani wiwité éra koloni Mèksiko minangka Sepanyol Anyar.
Tanggal 15 September 1810, kamardikan saka Sepanyol dinyatakaké déning Miguel Hidalgo y Costilla ing Dolores yaiku kutha cilik. Bab iki dadi titik wiwitan paprangan kamardikan kang dikenali minangka Perang Kamardikan Mèksiko kang rampung kanthi asil kamardikan ing taun 1821 lan pambentukan Kamaharajan Mèksiko kang sepisanan.
Mèksiko dumadi saka 31 nagari utawa estados lan Laladan Persekuthuan Meksiko utawa Distrito Federal. Kawasan Metropolitan Kutha Mèksiko, kalebu ing Laladan Persekuthuan lan kawasan tapel watesé, minangka kutha kang kang ndunungi palin padhet ing donya.
|
|
|
|
Ing ngisor iki pratélan kutha gedhé ing Mèksiko diurut miturut populasiné:
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Mexico. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Mexico. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.