pulo ing Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Pulo Bacan inggih punika salah satunggaling pulo ingkang dumunung wonten ing Kapuloan Maluku. Ingkang langkung trep, papanipun wonten ing sisih kulon radi kidul pulo Halmahera. Pulo Bacan kalebet ing wewengkon Kabupatèn Halmahéra Selatan provinsi Maluku Utara. Kutha krajanipun inggih punika Labuha ugi wonten ing Pulo Bacan. Pulo Bacan inggih punia pulo ingkang paling ageng ingkang mapan wonten ing Halmahera Selatan.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Ing Pulo Bacan ugi wonten sapérangan papan ingkang saged dados objek wisata kados ta:
Manawi badhé tumuju dhateng Pulo Bacan, dipunbetahaken wekdal ingkang dangunipun kirang langkung 8 jam kanthi ngginakaken kapal laut saking Ternate dumugi Pelabuhan Babang. Lajeng manawi badhé dhateng kutha krajan Labuha saged nitih angkudan umum, dangunipun 30 menit saking Babang dhateng kutha krajan Kabupatèn Halmahera Selatan punika.[2]
Sapérangan ageng warga masarakat ing Pulo Bacan inggih punika suku Bacan, nanging ugi wonten ingkang saking suku Makian, Bugis, Tobele Galela, Button, saha Ternate.[2] Déné agama ingkang kathah dipunpitados déning masarakat Pulo Bacan inggih punika sapérangan ageng dados Musilim (agama Islam) lan sapérangan aling kanthi agama Kristen Protèstan. Basa ingkang dipun-ginakaken déning masarakat inggih padatanipun basa Pasar utawi Indonésia Pasar kanthi logat saha dhialèk ingkang boten patos béda antawisipun suku satunggal kaliyan suku sanèsipun.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.