From Wikipedia, the free encyclopedia
Pirantel ya iku sawijining obat cacing utawa obat anti-cacing. Obat iki nyegah cacing urip ing awak manungsa. Pirantel dipigunakaké kanggo ngobati infeksi sing disebababaké cacing kaya ta cacing kremi (Enterobius vermicularis), cacing tambang (Ancylostoma duodenale utawa Necator americanus) lan cacing gelang (Ascaris lumbricoides). Masiyo mangkono obat iki ora mandi kanggo cacing pecut (Trichuris trichiura). Pirantel nglumpuhaké cacing saéngga cacing kasebut bisa kawetu nalika ngising.[1]
Ana manéka werna wujud saka obat iki kaya ta:
Aturan ngombé pirantel ya iku:
Pirantel bisa dikonsumsi kanthi cara rutin saben 6 sasi sepisan.[3] Pirantel kudu digunakaké kaya sing diresèpaké dhokter utawa sing dianjuraké ing label kemasan. Nalika ngombé pirantel, luwih becik nganggo banyu segelas kebak. Pirantel bisa diombé nalika madhang utawa tanpa madhang.
Ing wujud cuwèran utawa suspesi, pirantel diocak-ocak luwih dhisik. Sakwisé iku diombé nganggo sendhok taker, pipet, utawa gelas taker sing ana pangukuré supaya pener anggoné ngombé lan jumbuh dhosisé. Obat iki ora mbutuhaké obat pencahar utawa pasa sakwisé ngombé.
Menawa ana sawijining kulawarga sing kena infeksi cacingen, pawongan ing kulawarga iku kemungkinan gedhé uga kena infeksi cacingen.[4] Prastawa iki kadadeyan amarga cacing cepet banget anggoné nular mawa cedhak karo wong liya. Supaya cepet mari anggoné infeksi cacingen, kolah utawa jedhing kudu sregep anggoné ngresiki, sandhangan, andhuk, lan seprei kudu dikumbah.
Obat iki prayogané disimpen ana ing hawa ruwang. Obat iki diadohaké saka sunaring srengéngé langsung lan papan panggonan sing ampeg. Pirantel aja didèlèh ing kolah utawa jedhing lan lemeri ès utamané ing freezer. Saben mèrék nduwéni paugeran anggoné nyimpen obat iki. Gatèkaké prèntah nyimpen ing wungkusé.
Pirantel iki luwih becik diadohaké marang obat liya utamané sing ambuné sengak. Adohaké obat iki marang bocah cilik lan uga kewan ingon-ingon. Aja mbuwang obat iki menyang pecerèn kolah. Sadurungé migunakaké pirantel, kudu ndeleng tanggal kadaluwarsa ing ana ing wungkusé. Menawa wis kliwat tanggal kadaluwarsa, luwih becik diguwak. Anggoné mbuwang iki ora kena sembrana.
Panganggonan pirantel kadhang kala nimbulaké èfèk samping saka panganggonan obat iki kaya ta:
Ana uga èfèk samping sing luwih parah kaya ta:
Ora kabéh wong nglakoni èfèk samping kang kaya mangkono. Saben wong beda-beda. Pirantel ora entuk dipigunakaké marang panganan lan ombénan tertamtu. Ngonsumsi tembako lan ombénan ciu utawa sing ngandhut alkohol uga nyebabaké interaksi ala.
Sadurungé migunakaké pirantel, prayogané rembugan karo dhokter babagan kahanan sing lagi ditandang.
Kahanan sing kudu ngati-ati anggoné migunakaké pirantel kaya ta:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.