Perang Krim
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Krim utawa Perang Krimea (1853–1856) iku peperangan kang dumadi antarané kakaisaran Ruslan nglawan sekuthu kang kapérang saka Prancis, Britania Raya, Krajan Sardinia, lan Kasultanan Utsmaniyah. Akèh-akèhé konflik kadadéan ing tanjung Krim, kanthi paprangan liyané kadadéan ing Turki kulon lan Sagara Baltik. Perang Krim kerep dianggep konflik modhèren pisanan kang mrabawani paprangan ing mangsa ngarep.[2]
Perang Krim | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Lukisan Franz Roubaud: Pangepungan Sevastopol (1904). | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Sakuthu: Prancis Kasultanan Utsmaniyah Karajan Manunggal Krajan Sardinia | Kakaisaran Ruslan Sukarélawan Bulgarian | ||||||
Kakuwatan | |||||||
400.000 wong Prancis 250.000 wong Britania 10.000 wong Sardinia | 2.200.000 wong Ruslan 4.000 wong Bulgaria | ||||||
Kurban | |||||||
~100.000 wong Prancis[1] 35.000 wong Turki 17.500 wong Britania 2.194 wong Sardinia tiwas, tatu, lan mati amarga lelara | ~134.000 tiwas, tatu, lan mati amarga lelara |
Perang Krim ditepungi kanthi jeneng kang béda-béda. Ing Ruslan ditepungi minangka "Perang Oriental" (basa Ruslan: Восточная война, Vostochnaya Voina), lan ing Britania wektu iku ditepungi minangka "Perang Ruslan".
Perang Krim sajatiné wujud konflik antarané nagara Ruslan lan Turki. Ruslan ngrasa wong Turki Muslim ora bisa gawé pasarujukan kang adil karo wong Kristen ing Balkan, utawa karo bab kang ana gegayutané aksès marang "Tanah Suci" ing Palestina. Saliyané iku, wong Ruslan uga duwé kepenginan aksès kanggo kapal perang Ruslan marang Sagara Ireng ngliwati Selat Bosporus lan Dardanella. Negosiasi antarané Turki lan Ruslan ora nemoni pasarujukan. Wong-wong Turki kang olèh panyengkuyungé Prancis ndheklarasikake perang marang Ruslan. Ruslan menangaké paprangan sagara ing Sinope, Sagara Ireng nalika taun 1853. Inggris lan Prancis kuwatir Ruslan duwé karep njembaraké kakuwasan ing wewengkon Kakaisaran Ottoman. Inggris lan Prancis banjur ngirim armada sagara menyang Sagara Ireng kanggo njaga pasisir Turki. Inggris lan Prancis banjur dadi sekuthuné Turki.
Ruslan uga duwé pasulayan karo Prancis, mligi ing urusan dagang lan kaagamaan. Turki duwé rasa kwatir marang pengaruhé Ruslan kang kuwat ing wewengkon Balkan, ya iku ing Moldovia lan Wallachia.